BARI ORA BALI
“Gusti,,, Panjenengan
niku kok boten adil kalih kula...Wong-wong kang tumindhak ora becik, diparingi
kamulyan, nanging kenangapa kula kok dipunparingi pacoban ora uwis-uwis. Rupaku
wuelek kaya cepet, sering dinyek, lan dibandhemi watu neng wong kang wedi
marang rupaku. Si Mbok gerang taunan ora mari-mari, merga sayah mikirake Bapak
kang seneng karo wong wadon liya. Duh Gusti, yen Panjenengan tresna marang aku,
mbok ya nyawaku gawa bali bae, daripada urip ning dunya mung sengsara.” mangkono
grundelane Bari nalika turonan ing nduwur wit waru ing sapinggiring kali,sinambi
mrebesmili.
Wengi iku Bari
ora bali menyang omahe. Dheweke ora mentala ndeleng mboke kang lagi gerah
nanging didukani terus dening bapake. Wis sewulan lawase Bari ora tau turu ing
ngumah. Dheweke luwih seneng turu ing panggonan kang sepi lan arang diambah
wong. Mula akeh wong kang nganggep dheweke iku wong aneh. Ora sithik uga kang
nganggep dheweke iku edan.
Nalikaumur 19
taun, Bari diparingi pacoban mriyang kena gudhig. Ora ana wong sing gelem
cedhak karo dheweke. Yen ketemu mesthi padha mlengos. Manawa ana sing gelem
cedhak, buntute ora liya ya mung arep ngenyek Bari utawa ngidoni Bari. Dheweke
ora wani mbales, bisane mung nangis batin lan ndonga marang Gusti, supaya wong
mau dikei pepadhang lan ora tumindhak kaya mangkana maneh. Pernah ana kedadean,
Bari agi neng pinggir kali. Ing kana ana bocah agi padha adus. Ana bocah sing
ora bia nglangi kendhang kagawa banyu. Bari banjur nyemplung ngelangi kanggo
nulungi bocah mau. Nanging, sabare dheweke nulungi bocah mau, wong tuwane bocah
iku dudu matur nuwun marang Bari malah kongkon marang putrane kon aja
cedhak-cedhak karo dheweke, mbok ketularan penyakit lan siale. Sanadyan kaya mangkono,
Bari tetep nulungi sapa bae sing lagi susah.
Bapake Bari iku
salah sawijining putra saka garwa selire adipati Wirasaba. Mula dheweke isih
kagolong keturunan darah biru utawa ningrat. Nanging bapake gadhah watek kang
ora becik. Panjenengane sering nyiksa mboke Bari kang lagi gerah. Kaya-kaya
panjenengane kepengin mboke Bari cepet seda, supaya dheweke bisa nikah maning
karo wong wadon liya.
Sulayane Bari
mau nganti kagawa turu. Ing ngimpine, Bari agi nangis sesenggukan ing duwur
wit, banjur ditekani ula gedhe banget. Merga kaget, Bari banjur tangi. Nanging ngimpi mau
kawujud, ing nduwure Bari tenanan ana ula sanca gedhe. Bari mudhun alon saka
wit, dheweke wedi mbok tiba menyang kali sing ana ning sangisore wit. Sawise
mudhun, Bari langsung mlayu banter. Ing dalan, dheweke ketemu Mbah Parta. Mbah
Parta bingung, menangi ana bocah mlayu-mlayu kaya lagi keweden diuber-uber
setan. Ing pamanggihe Mbah Parta, bocah kang lagi mlayu iku mesthi maling sing
bar konangan nyolong. Mula nalika Bari wis cedhak, Mbah
Parta langsung nyekel tangane Bari.
“Heh, kowe
sapa? Kowe mesthi maling sing winginane nyolong tv-ne Yu Jum ya.” ngendikane Mbah
Parta nuduh.
“Sanes Yang,
niki kula Bari putrane pak Nawi, sanes maling tv.”
“Owalah, jebul
kowe Ri, tak pikir maling tv. Kowe ana apa, peteng-peteng playonan neng kene?”
“Niku Yang,
mangkiniki kula manggihi ula ageng teng nginggil wit waru.”
“Masa iya, ing
jaman kang uwis maju kaya ngene esih ana ula gedhe ing kene? Yuh jajal tuduhake
ning ndi panggonane ula iku.”
Mbah Parta lan
Bari lunga menyang pinggir kali kanggo mbuktekaken omongane Bari. Ing kana, ula
kang dideleng Bari isih gumantung ing duwur wit. Nanging sing bisa meruhi ula
mau namung Bari, mbah Parta ora menangi ula iku.
“Mendi ana ula?
La wong ora ana apa-apa koh, mung pampung tok pating klawer neng duwur.”
“ Niku loh Yang.
Eyange mboten mirsani?”
“Endi? La wong
ora ana apa-apa koh.” Mbah Parta ngendhika sinambi nyenteri wit waru sing
dimaksud dening Bari.
“Tenane Yang.....
Masa namung kula ingkang ningali ula menika?”
“La kasunyatane
mangkono kuwi Le, aku tenan ora
weruh apa-apa neng kana. Sing ana mung godhong waru karo pampunge tok.”
“Wis meh subuh,
ndang bali bae ming omahmu. ”
“Nggih, Yang.”
Bari manut
marang ngendikane Mbah Parta. Dheweke bali menyang omah banjur masak kanggo
keluargane.
Sawise iku, Bari
dadi sering nemoni kedadean-kedadean aneh. Dhewekeasring menangi
makhluk-makhluk sing wong liya ora bisa meruhi. Saliyane iku, saiki Bari uga
dadi sering ngimpi ketemu ula. Nanging sejatine ula iku palihane wong wadon
kang ayu rupane. Ing ngimpine, wong mau ngendika manawa putrine tresna marang
Bari lan pingin Bari dadi garwane.
Bari bingung
amarga ngimpine teka ora mung sepisan, nanging tekaing saben wengine. Dheweke
banjur takon marang Mbah Parta.
“Yang, kula kok
ngimpi aneh terus ngigih?”
“Ngimpi apa?”
“Kula ngimpi
ditemoni Ratu ula.”
“Ratu ula?”
“Nggih Yang,
ing ngimpine kula, Ratu menika nyuwun kula ken dados garwane putrane ratu wau.”
“Hahaha......
Owalah...Le... Le..., kowe iki kakehen nonton sinetron sing neng Indosiar, mula
ngimpine dadi kaya mangkono.”
“Saestu yang,
kula boten nate ningali kados mekaten. Boro-boro ningali sinetron, la wong
tilem teng griyanipun piyambak mawon jarang.”
“Le.... tak
kandani, kowe kuwi esih kagolong dudu bocah biasa. Bapakmu, sanajan putra saka
garwa selir, nanging ing darahe esih ngalir darah bapak kang ningrat. Mula yen
saiki kowe ditekani kaya mangkonoan ya ora usah kaget. Makhluk-makhuk kang
alame beda karo dhewek kuwi ana Le, mula aku lan kowe kudu ati-ati ing laku,
aja nganti ganggu alaming makhluk mau. Manawa kaya mangkono, mesthi
makhluk-makhluk mau uga ora bakal ganggu awakmu Le.”
“Nggih Yang.”
Sawise guneman
karo Mbah Parta, Bari bali. Dheweke kepikiran ibune sing lagi gerah. Gutule ing
ngumah dheweke bannjur melbu kamare mboke.
“Ri, kowe kang
ngendi? Awit mau dolan nembe bali?” Pitakone mboke Bari.
“Saking gene
Yang Parta mbok. Si mbok sampun dahar napa dereng?” wangsulane bari sinambi
mijeti samparane ibune.
“Uwis, miki
digawekna bubur neng adhimu. Mbah Parta piye kabare,,, sehat?”
“Alhamdulillah
Yang Parta sehat, yang putri ugi sehat. Mangkiniki sami panen jengkol ing wana
wingking daleme yu Tarmi.”
“Oh,,, kowe
ngrewangi apa ngrusuhi ning kana?” pitakone sinambi mesem.
“Ngih ngrewangi
mbok, masa ngrusuhi. Mangge didukani Yang Parta.”
Wengi iku Bari
niyat arep turu neng ngomah. Nganti jam 12 wengi dheweke ora bisa turu. Dheweke
isih kepikiran karo ngimpine. Jam 1 esuk, hawane tambah adhem, angin kaya
mandheg, swara-swara jangkrik sing biasane brisik uga ilang. Bari mrinding, dheweke
ngrasa kaya arep ana sing teka.
Sing diwedeni
Bari dadi kenyataan. Saka pojokan kamare Bari samar-samar katon ana wong wadon
kang ayu rupane. Wong wadon mau padha karo wong wadon kang teka ing ngimpine
Bari. Bari kaget lan bingung, dheweke banjur njiwiti pipine dhewek, kanggo
mastikake iku ngimpi apa nyata. Wong wadon mau banjur ngendika.
“Nang, cah
bagus, kowe ora ngimpi. Kowe ora susah bingung. Aku teka maring omahmu merga
aku arep nembungi sepisan maning marang awakmu. Putriku Ayu, tresna marang
sliramu, dheweke kepingin dadi garwamu. Kowe gelem apa ora, Nang?”
“Ku...kula
taksih bingung. Panjenengan menika sinten, kok panjenengan saged ngertos kula,
malah badhe ndadosaken kula putra mantu. Lah kula niku sinten? Bocah wingi sore
kang ora ngerti apa-apa, ora duwe kaluwihan apa-apa, rupa ala, sering dinyek
tiyang, boro-boro banda, kapinteran kula ugi boten gadhah. Lajeng napa ingkang
ndadosake putrinipun panjenengan tresna dhateng kula?”
“La
iku kang ditresnani putriku. Kowe iku bocah kang sabar narima, nalika wong-wong
nglarani kowe, kowe meneng, ora mbales nglarani wong mau, kowe luwih seneng
tirakat lan ndonga marang Gusti. Aku Kadita, kang kawastanan dadi panguasa ing
segara kidul. Yen kowe nrima panjalukanku, sesuk ing malem jemuah kliwon lungaa
maring Pandan Kuning.”
Sawise
ngenddika, wong wadon ayu mau ilang, kondur menyang keratone.
Bari
terus mikirake kedadean ing wengi iku. Nganti 2 dina Bari lali mangan. Saiki wis
rebo pon, 2 dina maning jemuah kliwon. Dheweke bingung, pingin crita tapi arep
crita maring sapa? Bapake sibuk ora tau ngurus keluarga, yen crita maring
mboke, Bari wedi mbok nambah pikirane mboke sing wis lagi lara. Sing gelem
ngrungokake critanemung mbah Parta. Bari banjur lunga maring omahe mbah Parta
saperlu jaluk pamanggihe babagan kedadean kang wis ditindakake dheweke.
Sawise guneman tuker pamanggih karo mbah
Parta, akhire Bari nekad. Ing pikirane, yen iki pancen pepadhang saka Gusti,
dheweke kudu manut. Masalah pati lan
urip wis dipasrahake marang Gusti. Wengi iku Bari pamit marang mboke. Nyjaluk
idin lan donga restu. Mboke Bari mung aweh pesen marang Bari supaya sing
ati-ati yen tumindhak.
Esuke,
Bari lunga menyang panggonan kang dituduhake dening kanjeng Ratu winginane.
Perjalanane lancar ora ana alangan apa-apa, kaya-kaya deweke dilindungi dening
kekuatan sing ora sebaene.
Gutule
ning Pandan Kuning Bari langsung lungguh ing sapinggiring segara sinambi
dedonga. Nalika iku, deweke rasane kaya turu. Sadar-sadar, deweke wis ana ing
ngarep gerbang keraton, nanging Bari ora ngerti iku keraton ngendi. Ora let
suwe, ana wong gedhe dhuwur marani deweke.
“Kowe
bocah elek rene-rene arep apa?”
Bari
wis keweden, dheweke bingung arep mangsuli apa. Sadurunge Bari mangsuli,
kanjeng ratu rawuh.
“Iki
tamuku, Paman Patih. Ora susah kewatir.”
Wong
gedhe dhuwur mau mbungkuk ing ngarepe Kanjeng Ratu, banjur lap ilang, kaya
kagawa angin.
Kanjeng
Ratu lan pengawale banjur nemoni Bari. Panjenengane ndawuhi Bari supaya ngombe
toya kang dibekta dening pengawale. Sabare ngombe toya mau, penyakite Bari
mari, gudhig kang ana ing awake ilang. Bari seneng banget amarga penyakit sing
wis ana ing awake 4 taun lawase iku pungkasane bisa ilang.
Sawise
iku, Bari dijak melbu kraton, melbu ing keraton, panganggone Bari brubah, wis
dandan kaya dene penganten. Ing ngarepan wis ana prawan kang ngenteni Bari.
Wong loro mau banjur nikah. Pawiyatan mau, dirayakake nganti 15 dina suwene.
Sawise
kuwi, Bari ilang. Ora ana wong kang ngerteni lungane maring ngendi. Nalika
mboke seda, ana wong sing weruh Bari melu teka ing pemakaman. Nganti 40 dina
sedane mboke, Bari uga sering katon ana ing pesareane mboke. Nanging nalika
dicedhaki, Bari ilang kaya kagawa angin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar