expr:class='"loading" + data:blog.mobileClass'>

Halaman

Tampilkan postingan dengan label Materi Basa Jawa Kelas XII. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Materi Basa Jawa Kelas XII. Tampilkan semua postingan

Minggu, 12 Januari 2014

MATERI BASA JAWA KELAS XII SEMESTER 1


A.      Kasusastran Jawa
1.         Geguritan
Geguritan yaiku karangan sing awujud tatahan kanthi paugeran tartamtu. Miturut bausastra, geguritan yaiku karangan kang kaya tembang nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune ora ajeg. Babagan kang kudu digatekake nalika gawe geguritan, yaiku:
·      Pamilihing tembung
·      Wirama
·      Sandhanganing basa kang arupa purwakanthi, dwipurwa, dwilingga, seselan –um- lan –in-, lsp.
Isining geguritan:
·      Irah-irahan: gambaran saka isi (nanging ana geguritan sing ora ana irah-irahane)
·      Tema        : idhe baku kang dadi dhasare geguritan
·      Amanat    : piweling sing ana ing sajroning geguritan
·      Diksi         : pamilihe tembung (bisa migunakake majas, frasa, lan klausa)
·      Retorika   : alat kanggo nggambarake sing arep diandharake ana ing sajroning geguritan
Titikane geguritan, yaiku:
·      Tembung-tembung pilihan
·      Isine mentes
·      Cacahe larikan ora katemtokake
·      Sajak pungkasan bebas
·      Arang-arang nggunakake tembung pangiket
·      Nggunakake tembung kawi sawetara
Gurit kaperang dadi loro, yaiku:
·      Gurit kuna
·      Gurit anyar utawa geguritan
Gurit kuna duweni pathokan:
·      Diwiwiti tembung sun nggegurit
·      Cacahe wanda saben sagatra pada
·      Tibane swara ing pungkasan gatra runtut
Geguritan duweni pathokan:
·      Cacahe gatra tanpa wilangan
·      Cacahe wanda saben gatra bebas
·      Tibane swara bebas
·      Pamilihing tembung diutamakake sing mentes
·      Ora nganggo tembung sun nggegurit

2.         Tembang Macapat
Tembang macapat kaperang dadi telu, yaiku:
·      Tembang gedhe (sekar ageng utawa tembang kawi)
·      Tembang tengahan
·      Tembang macapat utawa tembang cilik
Kejaba tembang ing dhuwur, ana reriptan gagrag anyar sing diarani tembang dolanan utawa lelagon dolanan.
Tandha-tandhane tembang macapat, yaiku:
·      Nganggo paugeran guru wilangan, guru lagu, lan cacahing gatra saben sapada
·      Basane nganggo basa Jawa gagrag anyar
·      Bisa tanpa iringan gendhing
Gunane tembung macapat, yaiku:
·      Kanggo kasusastran jaman saiki
·      Kanggo bawa utawa nggerongi gendhing
·      Ngarang kapustakan jawa
·      Kanggo lagu kethoprak lan wayang wong
·      Kanggo parikan lan dhagelan
Kasusastran kang tinemu ing tembang macapat, yaiku:
·      Pada                     : cacahing tembang macapat saben salagu, saka wiwitan nganti pungkasan (bait)
·      Pupuh                   : sak pupuh isine pirang-pirang bait tembang salagu.
·      Guru gatra            : cacahing larikan tembang macapat
·      Guru wilangan     : cacahing wanda (suku kata) ing saben larikan tembang macapat
·      Guru lagu             : tibaning swara saben pungkasan larikan tembang
·      Dhong-dhing        : 1) guru lagu, 2) guru lagu tiba swara u utawa i
Tembang macapat cacahe 11, yaiku:
No
Jeneng Tembang
Nilai Filsafat
1
Mijil
Lair, watake prihatin lan trenyuh
2
Maskumambang
Nggambarake wektu isih cilik, watake prihatin, karanta-ranta
3
Sinom
Nggambarake wektu isih bocah utawa nom-noman, watake grapyak, sumanak, luwes
4
Durma
Diwasa, watake galak, nepsu, muntaban, lan mantep
5
Asmarandhana
Kapranan utawa kesengsem, watake sedhih, sengsem, prihatin
6
Kinanthi
Nggambarake wektu omah-omahan, watake seneng, tresna asih
7
Dhandhanggula
Seneng nyambut gawe, tulung-tinulung, watake luwes, resep, manis
8
Gambuh
Bisa jumbuhake kabutuhan, watake wani, wanuh, rumaket, kulina
9
Pangkur
Ngungkurake kadonyan, watake sreng, kejem, nantang
10
Megatruh
Pegating nyawa saka raga, watake sedhih, susah, kingkin
11
Pocung
Nggambarake layon dipocong, watake sakepenake

3.         Sesorah
Perangan sing ana ing sesorah, yaiku:
1)        Pambuka utawa purwaka basa
·      Uluk salam    : isine ngucapake salam marang para tamu sing kawiwitan nganggo tembung nuwun, assalamu’alaikum wr.wb, lsp.
Tuladha: nuwun, sangyaning para rawuh kakung putri, wreda mudha minulya.
·      Pamuji           : ngucapake sukur lan panyuwun marang Gusti Ingkang Maha Agung (moga acara bisa mlaku kanthi lancar)
Tuladha: minangka purwakaning atur, mangga kita sesarengan ngaturaken gunging panuwun dhateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kawilujengan, saengga kita saged makempal wonten adicara menika.
·      Pambagya      : isine katujokake marang tamu, kanthi ngaturake panuwun dene wis kersa rawuh.
Tuladha: kula Lestari minangka sulih sariranipun Bapa Slamet ngaturaken pambagya wilujeng saha ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami dene panjenengan kersa rawuh wonten adicara siyang menika.
2)        Wigatining atur utawa surasa basa
·      Isine ngaturake wigatine adicara kang arep ditindakake (pasrah-panampi manten, lamaran, supitan, lsp)
Tuladha: Bapa... ing titi wanci menika sampun hanetepi darmaning sesepuh mahargya putra-putrinipun ingkang asesilih Nimas Ayu... ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus... putranipun Bapa...
·      Pangajab utawa pangarep-arep
Isine, yaiku:
o  Nyuwun donga pangestu supaya sing digayuh ing adicara mau bisa kaleksanan kanthi lancar
o  Nyuwun pangapura menawa adicara sing ditindakake duweni kaluputan
Tuladha:
o  Mugi-mugi penganten sarimbit saged atut runtut...
o  Kula minangka sesulih Bapa... sakaluwarga, nyuwun pangapunten tumrap sedaya kekurangan saha kalepatan ing sadayanipun.
3)        Panutup utawa wusana basa
Isine yaiku nyuwun pangapura menawa ana bab sing luput, bisa bab: adicara, solah bawa, tata tembung, lan lumrahe dipunglasi nganggo tembung matur nuwun utawa nuwun.
Tuladha:

Wasana minangka purwakaning atur, bilih anggen kula matur wonten kalepatan, nyuwun pangapunten, nuwun.

MATERI BASA JAWA KELAS XII SEMESTER 1

A.      Nguri-uri Adat Tradisi
1.         Maca Cepet
Maca cepet yaiku cara maca sakakeh-akehe teks kanthi wektu sacepet-cepete. Urut-urutane kanggo nyengkuyung pemahaman wacanan sing diwaca, yaiku:
·           Siapna konsentrasi marang teks wacan.
·           Pahamana dhisik irah-irahane wacan.
·           Wacanen teks kanthi grambyangan lan golekana gagasan pokok ing saben paragrap.
·           Golekana gegayutane makna utawa teges antarane irah-irahan karo gagasan pokok ing saben paragrap.
·           Rumusna simpulan saka wacan sing diwaca.
Cara ngetung kecepetane maca, yaiku:


Maca grambyangan (skimming) yaiku jinising maca sing merlokake kecepetane mripat nalika nyawang lan nggatekake materi wacanan. Tujuwane maca grambyangan utawa skimming, yaiku:
1)        Nemokake materi-materi sing dibutuhake kanthi cepet, tuladha: goleki jeneng ing buku telpon.
2)        Goleki gagasan umum saka materi kang diwaca.
2.         Aksara Baku lan Sandhangan
·           Aksara Jawa Baku
ꦀ ꦁ ꦂ ꦃ ꦄ ꦅ ꦆ ꦇ ꦈ ꦉ ꦊ ꦋ ꦌ ꦍ ꦎ ꦏ ꦐ ꦑ ꦒ ꦓ
·           Sandhangan
No.
Wujude
Arane
Pocadene
Tuladha
Katrangan
1
ꦶꦶꦶꦶꦶꦶꦶꦶꦶ
Wulu
I
ꦀꦶꦉꦶ
Sing kudu dieling-eling:
1.    ꦃꦷ          digantiꦊ꧆  pasanganeꦞ꧆  Tuladha:ꦊ꧆ꦇꦶꦄꦿ
2.    ꦉꦷ         diganti ꥙   pasangane     ꦝꦷ
Tuladha:꥙ꦏꦾ
2
Pepet
E
ꦊꦷꦉꦷꦏꦿ
3
Suku
U
ꦈꦸꦉꦸ
4
Taling
́é
ꦺꦉꦺꦉ
5
ꦺ   ꦻ
Taling tarung
O
ꦺꦉꦻꦺꦃꦻ
6
Cecak
...ng
ꦉꦃꦼ
Diarani sandhangan panyigeg wanda, sandhangan wyanjaya, lan sandhangan swara.
7
Layar
...r
ꦊꦇꦽ
8
Wignyan
...h
ꦇꦈꦾ
9
Keret
...re...
ꦄ꧄ꦆꦷꦐꦿ
10
Cakra
...r...
᯻ꦐꦁ
11
Pengkal
...y...
ꦺꦄꦻꦺꦊꦢꦽꦻ

·           Tandha-tandha liyane
No.
Wujude
Arane
Katrangan
Tuladha
1
Pada lingsa
Koma
ꦈ꧄ꦅꦏꦸꦋ꧋
2
Pada lungsi
Titik
ꦃꦅꦉꦃ꧌
3
Pada pangkat
Kanggo ngapit angka
꧐ꦐ꥙꧐
4
ꦿ
Pangkon
Kanggo paten lan bisa dadi pada lingsa
ꦏꦓꦁꦿ
5
ꦿ꧋

Bisa dadi gantine pada lungsi
ꦉꦐꦶꦏꦓꦁꦶꦿ꧋
6
Adeg-adeg
Dienggo wiwitane ukara
꧎ꦀꦄꦸꦆꦸꦃꦸ꧌

3.         Pasangan Aksara Jawa
·      Pasangan sing panulise jejer karo aksara baku: ꦔ ꦛ ꦞ
·      Pasangan sing panulisane ing ngisor aksara baku:
    ꦖ      ꦘ     ꦙ      ꦚ     ꦝ      ꦟ     ꦠ     ꦣ     ꦥ      ꦦ      ꦡ      ꦗ       ꦤ
·      Pasangan sing wujude padha karo aksara baku: ꦃ ꦐ ꦍ ꦓ
·      Pasangan sing kudu digandheng karo aksara ing dhuwure:        ꦕ     ꦜ      ꦢ
4.         Aksara Swara
Aksara swara digunakake kanggo nulis jenenge wong, kutha, negara, lan liya-liyane. Aksara sing ditulis nganggo aksara swara mung aksara wiwitan lan ora digunakake kanggo nulis pasangan.
No
Wujud
Pocapane
Tuladha
1
꧕ꦛ
A
꧕ꦛꦌꦶꦇꦄ
2
I
ꦑꦸꦋꦶꦺꦍꦻꦺꦁꦻ
3
ꦓ꧗
U
ꦓ꧗ꦓꦃꦁꦿ
4
E
꧖ꦏꦥꦽꦄꦇꦶ
5
ꦈ꧗
O
ꦈ꧗ꦇꦄ

5.         Aksara Rekan
Aksara rekan digunakake kanggo nulis tembung-tembung saka manca negari, kayata tembung-tembung saka basa Arab. Aksara rekan cacahe ana lima, yaiku:
No
Wujud
Pocapan
Tuladha
1
ꦄꧏ
Kh
ꦄꧏꦇꦁꦾ
2
ꦅꧏ
Dz
ꦅꧏꦉꦔꦶꦌꦾ
3
ꦊꧏ
Fa/va
ꦊꧏꦺꦀꦅꦾ
4
ꦌꧏ
Za
ꦌꧏꦄꦆꦿ
5
ꦐꧏ
Gha
ꦺꦐꧏꦻꦌꧏꦉꦶ

6.         Aksara Murda
Aksara murda cacahe ana 7. Aksara murda digunakake kanggo nulis jenenge kutha, negara, papan panggonan, lan jeneng wong kang pantes kinurmatan.
No
Aksara Baku
Aksara Murda
Pasangan Murda
Tuladha
Latin
Jawa
1
Nuswantara
ꦨꦸꦇꦜꦁꦚꦃ
2
Kertanegara
ꦩꦆꦁꦷꦐꦃ
3
ꦈ꧆
ꦈ꧆
Temanggung
ꦈ꧆ꦏꦼꦐꦸꦼ
4
Sukarno
ꦫꦸꦄꦽꦺꦁꦻ
5

Paku Buwana
ꦬꦄꦸꦑꦸꦈꦁ
6
Gajah Madha
ꦭꦌꦾꦏꦋ
7
Brawijaya
꧂ꦮꦈꦶꦌꦍ

7.         Aksara Angka
1
6
2
7
3
8
4
9
5
0

Cara panulisan angka puluhan, atusan, lan ewonan, yaiku:
·           81      : ꧐ꦬꦐ꧐
·           235    : ꧐꥙꥘꥗꧐
·           1984  : ꧐ꦐꦍꦬ꧕꧐
8.         Basa Rinengga
Tembung rinengga yaiku skaa tembung lingga rengga entuk seselan in, ateges: dipaesi, dipacaki. Rinengga iku duweni tujuwan supaya endah, bregas, ngresepake. Basa rinengga uga diarani basa pajangan, basa bregasan, utawa basa pacakan. Basa rinengga ngemu surasa kaendahan. Dene cara ngrengga basa, kayata:
·      Dikandhakake utawa ditulis nganggo ukara liya sing tetembungane ngemu surasa luwih bregas.
·      Sawatara tetembungane diganti utawa diijoli tembung kawi, tuladha: tandange kaya bantheng ketaton = tandange kaya andaka kanin
Tuladha basa rinengga:
1)   Katimbalan ing ngarsaning Pangeran = mati
2)   Sakedheping netra = sadhela banget
3)   Kembul bujana andrawina = mangan
4)   Sapa sing dadya sinambating wewangi = sapa jenengmu
5)   Katula-tula katali = cilaka terus-terusan