Durung
Tekan
Grengg...greeenggg....
Swaraning pit motor, bajaj,
bis, kijang, avansa, sing lagi padha balapan mlayu ing ngarepku. Dhisik-dhisikan.
Wegah padha ngalah. Pengene dadi sing paling ngarep. Playune kaya gludhug kang
arep nyamber apa-apa sing ana ing ngarepe. Sak penake wudele dhewe. Sajake
dalan iku warisan mbah buyute. Namung awakku sing gelem ngalah, amarga aku
numpak pit sing jarene kancaku, pantese wis dilowake marang tukang rongsok.
Kanthi rekasa awakku
nyoba nyalip kendaraan kang padha
liwat ing Dalan Sudirman. Nganti kempis-kempis iya uga durung bisa nyalip kendaraan ing ngarepku. Malah sangsaya
akeh sing nyalip.
Awit mlaku saka omah nganti
tekan sekolah, durung tau bisa nyalip kendaraan
sing mlaku bareng ing Dalan Sudirman. Kayane penak banget yen bisa nyalip kendaraan liya. Paling-paling aku mung
bisa nyalip becak pit sing diobel dening wong kang wis sepuh banget, wong sing
kudune wis ora pantes golek dhuwit.
“Nasib, nasib. Sajake pancen
iki kang kudu dak lakoni saiki”, batinku. Dalan Sudirman dadi saksi bisu lelakonku
saben dina mangkat sekolah merga yen prei ngrewangi dodol ibu ing pasar sing
mung mlaku limang menit saka omah. Nanging sawetara minggu iki, aku duweni
pangrasa ana sing ndelengi kabeh tumindakku awit metu saka omah nganti mlebu
maneh menyang omah. Mbuh mung pangrasaku thok, apa pancen kasunyatane mangkono.
Aku mung donga moga-moga ora ana sing mbebayani kanggo awakku lan ibuku.
Sawijining esuk aku
kawanan tangi. Angete cahyaning srengenge sing mlebu liwat jendhela kamarku
sisih wetan, gawe awakku nglilir saka turu sing lagi mung rong jam. Tak lirik jam ing HP-ku sing wis kudu ganti
jane. Saiki wis jam setengah pitu kurang sepuluh menit
“Wah, asem wis yah
mene. Mati aku. Jam pertama ngumpulake tugase Bu Wati. Iki merga nonton
bal-balan Indonesia lawan Malaysia banjur nglembur garap tugase Bu Wati,”
ucapku kanthi langsung gumregah tangi saka kasur. Aku bingung kudu kepiye merga
kudu ngumpulake tugase Bu Wati, guru sing ora gelem menehi toleransi babar blas
ngenani tugas. Arep mangkat sekolah numpak pit mbutuhake wektu kurang luwih telung
puluh menit. Ning yen ora mangkat sekolah, mesthi aku oleh biji E saka Bu Wati
tur uga diseneni ibu lan kon angon wedhus nalika ibu kondur saka pasar. Yen
mangkat sekolah numpak angkot, ora bisa jajan lan mbayar kas merga sanguku mung
3000.
“Ah mbuh, pikir mengko
maneh. Adus sik,” ucapku sinambi jupuk andhuk.
Mung limang menit aku
wis rampung adus lan salin. Aku banjur nganggo sepatu lan pamit mangkat marang
omahku awit mesthi ibu wis tindak menyang pasar.
“Telat sepuluh-sepuluh
menit ora pa-pa, ketang mengko bijine dikurangi, tinimbang entuk biji E.
Assalamua’alaikum”, ucapku kanthi kesusu ndang arep ngobel pedhal pitku.
Lagi seprapat dalan
nuju sekolah sing dak liwati, pitku nesu. Ban ngarepe jaluk diganti alias
bocor. Sing sangsaya gawe dredhege ati, kenengapa kudu bocor ing ngisore wit
ringin sing jarene wingit.
“Dhuwit ora gableg.
Selek telat ngumpulake tugas. Ban pite kok ya melu-melu gawe perkara. Dhuh
Gusti, kula nyuwun pitulungan-Mu”, ucapku kanthi dredheg sinambi duwe pengarepan
gedhe. Nalika arep mlaku pindhah panggonan sing rada ado saka kono, dumadakan
ana sing jawil pundhakku.
Deg! Deg! Deg!
Jantungku sangsaya
banter mlakune.
“Dhuh Gusti, sinten
menika?. Lek-lek sing manggon wit ringin iki nesu aku mandheg ing ngisor
panggonane”, batinku.
“Nyuwun pangapunten,
Mbah. Kula mboten nggadhahi maksud badhe ngganggu, menapa malih nggurai sarenipun panjenengan. Saestu, Mbah”,
kandhaku sacekele.
Sing tak jak omong ora
mangsuli, malah jawil pundhakku maneh. Sajake aku kon ndeleng sapa sing jawil.
Karo wedi-wedi, aku noleh menyang mburi.
Wow...woo..wooo....
“Ngimpi apa aku mau bengi,
bisa ketemu karo bocah iki”, batimnku seneng.
“O...O...Oalah, kowe ta
Ji. Dak kira sing manggon ing wit ringin iki”, kandhaku kanthi gugup marang
Aji, salah sawijining bocah lanang sing dipuja dening bocah-bocah wadon ing
sekolahku. Sapa sing weruh rupane mesthi kesengsem, kejaba sing ora. Bocahe
manis, pakulitane putih bengkoan. Sing paling dak senengi saka dheweke yaiku
kabar-kabare durung duwe pacar.
“Duh Gusti, manis tenan
bocah iki. Gelem pora ya dadi sesandhinganku”, panglamunku sadurunge Aji narik
tanganku.
“Ayo, gage mangkat. Ja
nglamun terus. Ngguya-ngguyu dhewe. Ngisin-ngisinke awakku wae. Kurang pitung
menit maneh gerbange ditutup”, kandhane Aji rada mangkel sinambi nyekeli
tanganku mlaku menyang montore, sing diparkir ora adoh saka panggonanku ngadeg
mau.
“Iya-iya. Hla pit-ku
kepiye nasibe?”, kandhaku rada jengkel.
“Ya mengko gampang. Tak
urusane. Penting ayo ndang mlebu sik”, ucape Aji nalika mbukake lawang montore,
sing dak kira ora murah regane.
Sekolah isih adoh. Aku
duwe rasa pangrasa ora kepenak wiwit akeh kedadean sing ora apik nekani awakku.
Apa maneh sawise munggah montore Aji. Ati iki ora jenjem ayem, malah sangsaya ora
karuan.
Playune montore Aji
bantere ora ketulungan. Banyu awak mili metu, ngrembes mring sandhanganku. Isining
weteng kaya-kaya kepengin metu saka panggonane.
Awakku sangsaya ora kepenak.
Huekkk!!!
Awakku kepengin mutah.
Untunge durung tekan cangkem, dadine rung sida mutahake apa-apa.
“Rin, aja mutah neng
montorku hlo. Tahan sik, sedhelok maneh tekan”, kandhane Aji rada melas.
“Aja banter-banter ta.
Durung sarapan ki”, wangsulanku tak melas-melasake.
“Nak ora banter, mengko
telat. Gelem entuk biji E?,” ucape Aji rada ngeyel.
“Iya wegah. Ning aku
wis ora kuwat maneh”, kandhaku kanthi gumrengeng.
Huekkk! Huekk!!
“Sabar Rin. Tahan sik ya”,
kandhane Aji sangsaya melas.
Aku sing diajaki omong
mung bisa manthuk. Wis ora kuwat mangsuli.
Jjgggrrr.......
Bresssshhhh!!!
Ciiiitttttttttttt.....Brukkkk!!!
Mung swara iku sing dak
rungu. Rasaku pengen mutah, dadi ilang. Mripatku krasa pet-petan. Sirahku abot.
Mumet. Sirahku sing maune ing dhuwur malih dadi neng ngisor. Montor sing dak
tumpaki jebul mbalik. Barang kenthel ndlewer ing dhengkul kiwaku kang
ketindhihan jok montor. Dhadhaku krasa seseg. Ora krasa luhku netes nelesi
pipiku. Aku pasrah. Aku banjur kelingan
marang wong sing lungguh ing sisihku.
“Ji, aji. Tangi, Ji”,
ucapku marang Aji kanthi nangis sinambi tak keplaki tangane mawa tenaga sing
isih tak duweni. Nanging sing dak jak guneman ora nyauri apa-apa.
“Ji, ayo ndang tangi.
Awakke dhewe durung tekan sekolah. Ayo tangi ben ora oleh biji E saka Bu Wati”,
kandhaku maneh marang Aji supaya gage tangi. Nanging uga padha mau, Aji tetep
durung menehi wangsulan.
Kahanan sakiwa-tengenku
saya rame. Nanging isih padha bingung arep nulungi merga wedine montor iku
bakal kobong. Ana wong sing jerit-jerit, nangis weruh kahanan sing dak alami.
Mung iku sing dak rungu liwat kupingku. Mripatku rada mblawur, kakean ngetokake
luh.
“Ji, sabar ya. Aku
bakal ngetokake awakmu saka kene. Awakmu kudu kuwat. Janji ya ora bakal
ninggalake awakku dhisik”, ucapku marang Aji.
“Ayo Rindi, awakmu mesthi bisa metu saka
kahanan iki”, kandhaku kanggo nyemangati awakku dhewe.
Tak tendhang kaca ngarep
montor. Tak tendhang ping pirang-pirang durung bisa ucul saka panggonane.
“Wis ora ana wektu
maneh iki. Nganti saiki rung ana sing nulungi. Ji, sabar ya”, kandhaku
nggresula sinambi mbrebes mili.
Tanpa dinyana-nyana,
ana wong lanang klamben ireng-ireng sing umure kira-kira namung kacek sepuluh
taun karo bocah kelas loro SMA, ngadeg ana ing sisih kiwa montor sing dak
tumpaki bareng karo Aji, sadurunge montor iku mbebayani tumrap awakku lan
liyane. Tanpa gegaman ing tangane, dheweke kanthi cekatan dhongkel lawang
montor ing sisihku. Ora nganti telung menit, lawang montor wis bisa ucul saka
panggonane. Hawa adhem ngrasuk ing awak sanalika gawe getering ati. Pakulitane
putih memplak. Praupane adhem, ayem nalika disawang. Nanging ora ana esem kang
kawujud saka lathine sing wernane abang rada pucet. Kahanan mengkono gawe atiku
krasa ora kepenak.
Wong lanang mau
ngulungake tangan tengene marang awakku. Kanthi gampang mbopong awakku metu
saka montor sing dak tumpaki. Tangane sing
anyes jejes, ora sengaja nyenggol wentisku sing roke rada kasingkap
mendhuwur, sangsaya nggedhekake pangrasa elekku marang dina esuk kuwi.
Tim pemadam kebakaran,
wong-wong kang ana ing dalan, malah uga wartawan jebul wis rame kumpul ngebaki
dalan Sudirman. Let sedhelok maneh, polisi sarombongan tekan ing panggonan
kedadean kecelakaan. Sawise ngdhunake awakku
ing dhingklik warung bakso ing sacedhake kono, wong mau banjur gage mlaku
menyang montore Aji. Lakune banter banget. Mung petungan detik, wong mau wis adoh
saka pandelenganku, nganti pocapan matur nuwunku durung tekan marang
panjenengane.
Wong mau mlebu menyang montor
sing mau dak tumpaki. Ananging mung kliwat pirang detik, montor sing dak
tumpaki njeblug, kobong. Durung tekan nganti panggonan sing aman, wong loro mau
wis diantemi dening geni- geni kang sangsaya mangambra-ambra.
Wush! Wush! Wush!
Playune angin sangsaya
gawe gedhene geni, ndadekake tim pemadam kebakaran kang direwangi dening polisi
lan warga kuwalahen mateni geni kang ngobong montore Aji. Awakku mlayu tumuju
panggonan kobongan iku mau, nanging dicegat dening polisi. Aku mung bisa pasrah
weruh kahanan kancaku, kudu nglakoni dalan urip kaya mangkono.
Rong
dina sacandhake
“Rin, rin. Ana sing
arep ketemu awakmu”, ngendikane ibu nalika aku lagi wae arep mapan turu. Rong
dina iki aku ora bisa turu. Wiwit jam setengah lima lagi kepengin turu. Wis
rong dina ora mangkat sekolah awit kacilakan sing ngrengkuh nyawane Aji. Kacilakan sing
ninggalake tatu kang abot. Ora mung merga nglakoni dhewe, ananging merga weruh
kanthi langsung kelangan bocah sing duweni panggonan kang seje tinimbang
liyane. Nganti lali marang tatu sing ana ing dhengkul kiwaku.
“Inggih, Bu. Mangke
riyin”, wangsulanku marang ibuku. Ibuku ngertine aku wis turu. Pancen aku wegah
menehi beban marang wong wadon sing saben dina golek sandhang pangan kanggo
nyambung uripe lan anakke, aku. Ora tega. Ibuku mung ngertine aku ora mangkat
sekolah merga dhengkulku lara tiba saka numpak pit.
“Nanging sapa sing yah
mene medhayoh?”, batinku kepengin banget arep ngerti. Rada lesu awakku, dak
peksa mudhun saka paturon mlaku menyang kamar tamu.
“Dhuh, sapa kae? Wong
wadon sing umure kira-kira padha kaya ibuku. Ananging luwih ketok seger lan
katon kopen tinimbang ibuku. Sandhangan penganggone uga dak kira ora murah”,
batinku sawetara detik nalika weruh wong wadon lungguh ing kamar tamu dikancani
karo ibuku.
“Eh, Ndhuk. Mrenea,
lungguh kene. Iki Bu Ayu, ibune kancamu Aji duwe perlu marang awakmu”,
ngendikane ibu sinambi tangi saka panggonan sing maune dilungguhi.
“Dhuh, ana apa iki?
Kenengapa ibune Aji dolan mrene? Esuk-esuk sisan”, batinku ndang kepengin
ngerti. Rasa ngantuk lan lesu kepara ilang sanalika.
Aku banjur lungguh,
nanging ibuku malah pamit marang ibune Aji menyang pawon. Sajake ibuku ngerti
kahanan kang bakal kedadean. Ibuku pancen wong sing ora kepengin melu-melu
urusane wong liya, ning ora njur ora kepengin ngerti, apa maneh perkara sing
gegayutan karo anakke. Ibuku percaya mengko aku bakal crita dhewe marang
awakke.
“Ndhuk Rinda, ta?”, ngendikane
Bu Ayu miwiti guneman.
“Inggih, Bu”. Nuwun
sewu, wonten menapa ingkang jalari panjenengan tindak ngriki?”, ucapku.
“Ora ana apa-apa,
Ndhuk. Aku mung kepengin dolan mrene lan duwe pelu sethithik marang awakmu”, ngendikane
Bu Ayu kanthi polatan kang angel ditegesi maksude. Seneng nanging sedhih.
Sanalika kahanan dadi
sepi. Kaya-kaya padha kepengin ngerti apa sing bakal diandharake dening Bu Ayu,
ibune Aji. Mbuh mung pangrasaku, apa pancen kaya mangkono kasunyatane.
“Dhuk, mau bengi aku diparani Aji. Pancen
wingi ragane ora wutuh, nanging miturut pangrasaku, uripe Aji ing kana luwih
mulya. Mung dheweke isih duwe kewajiban sing durung rampung ing donya. Dheweke
jaluk tulung supaya aku menehake album
photo iki marang awakmu”, ngendikane ibu ne Aji rada mbrambang sinambi
ngulungake album photo marang
awakku.
Rada bingung, dak tampa
album photo sing diwenehake ibune
Aji.
“Dibukak mengko wae. Uripmu
ditata sing apik. Aja ora semangat kaya mengkono. Mung gara-gara kahanan sing
wingi, awakmu dadi klumprak-klumpruk. Aku pamit ya, Ndhuk”, ngendikane Bu Ayu
sinambi ngelus-elus pundhakku menehi semangat.
“O, iya Ndhuk. Pit-mu
tak wenehake ing plataran omahmu”, ngendikane Bu Ayu nambahi.
Aku mung manthuk.
++++++++++++++++++++++++++++++
“Ndhuk, Bu Ayu wis
kondur?”, pitakonane ibu marang aku.
“Oh iya, aku lali
ngaturi Bu Ayu pamitan marang ibu. Kula nggih kesupen matur nuwun dhateng Bu
Ayu amargi sampun mbetakaken pite Rinda”, kandhaku marang Ibuku nganggo basa
campuran merga rung bisa lancar guneman migunakake basa krama.
“Dhuh, piye ta Ndhuk.
Kok bisa kaya mengkono. Ngisin-isini wae. Ora sopan”, ngendikane ibu rada duka
lan gela.
“Inggih nyuwun
pangapunten, Bu. Kula menika radi mboten konsentrasi. saengga mboten radi
dhong”, ucapku marang ibuku kanthi rasa ora kepenak marang ibuku lan ibune Aji.
“Eh, Ndhuk, sajake
pitmu didandani. Dadi luwih apik tinimbang sing biyen. Malih ketok anyar, kaya
lagi wae metu saka toko. Aku mau rada kaget pas metu arep ngusungi dagangan
neng pasar. Kayane aku tau weruh, nanging gone sapa. Tak delengi terus, jebul
pitmu. Mula aku njur arep matur nuwun bubar saka pasar, anangig malah wis
kondur. Awakmu malah lali matur nuwun sisan”, ngendikane ibu marang awakku.
Aku mung meneng, ora
mangsuli apa-apa. Ngrasa salah, ananging sing ngebaki pikiranku, aku kepengin
banget ndang ngerti apa isine album sing ana ing tanganku.
++++++++++++++++++++++++++++++
Kanthi ngati-ati tak
buka album photo sing mau diwenehi
ibune Aji. Photone Aji katempel ana
ing halaman ngarep dhewe.
“Jan narsis. Ning
pancen manis”, batinku geli weruh photone.
Kahanan atiku dadi
burem maneh, nalika kelingan Aji wis dipundhut dening Gusti ingkang Murbeng
Titah. Tak buka halaman loro.
“Hloh, kok photoku”, ucapku kaget weruh gambarku
ana ing album photone Aji.
Tak buka halaman
liyane. Nanging album photo iku isine
photoku kabeh. Photoku saka omah arep
mangkat sekolah nganti tekan omah maneh. Photo nalika ngrewangi ibu ning pasar
uga ana ing kono.
“Dhuh Gusti menapa
maksudipun menika?”, ucapku lirih.
“Mulane aku duwe
pangrasa kaya-kaya ana sing ngetutake awakku awit metu saka omah saben dinane.
Jebul awakmu ta, Ji”, batinku seneng merga jebul ana won sing nganti kaya
mengkono marang awakku, tur apa maneh wonge kaya Aji, ning uga gela campur
sedhih merga wonge wis ora ana.
Ora krasa luhku netes
ing pipiku. Sanalika dhadhaku krasa seseg. Mripatku krasa pet-petan. Pengen
ambruk saka kursi sing dak lungguhi. Aku ngrasa bakal ambruk. Nanging awakku
wis ora kuwat arep pindhah menyang kasur.
Brukk!!!
Awakku tiba saka kursi.
Nalika ambruk, aku weruh rupane Aji nampani awakku. Kanthi polatan sumringah,
Aji ngajaki guneman awakku, nanging ora kabeh sing diomongake bisa dak tampa
kanthi cetha.
“Rin, sing semangat
anggonmu nglakoni urip. Apa sing wis kedadean dadekna kenangan wae. Ora usah
dipikirake banget-banget. Aku pancen tresna marang sliramu, nanging durung
tekan titi wancine anggonku ngomong marang sliramu babagan iku. Saengga aku
durung wani ngomong babagan iku marang sliramu, cah manis”, ucape Aji.
“Saiki kahanane wis
malih, sajake pancen awakmu dudu jatahku”, sambunge Aji.
Aku kepengin mangsuli
apa sing mau diomongake Aji marang awakku. Ananging ilatku krasa linu, lambe
krasa kaku, wegah diajak sambatan.
“Rin, Rinda”, ayo tangi
Ndhuk”, ngendikane ibuku kanthi kuwatir. Swara iku mau sing agawe awakku
sadhar, bali maneh menyang kasunyatan sing sejatine.
Mripatku kriyep-kriyep.
“Aw, sirahku”, ucapku
sinambi ngelus-elus sirahku sing benjut.
“Piya ta, Ndhuk? Kok
bisa kaya mangkono”, ngendikane ibu kepengin ngerti.
Aku mung mesem tipis.
Sing ana ing pikiranku mung Aji sing kanthi polatan sumringah nemoni awakku
ngandhakake kahanan sing sejatine. Aji pancen durung tekan ngomong kahanan
sejatine marang awakku kanthi langsung, nanging rasa tresnane marang awakku wis
dak trima wiwit saiki. Mbesuke rasa tresnaku mung tak wenehake marang Aji-Aji sing
kaya Aji-ku sing saiki.(cuthel)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar