UKARA LAMBA LAN UKARA
CAMBORAN
1.
Ukara lamba (kal. tunggal)
Ukara kang gagasane mung siji kang dumadi
saka J (jejer) lan W (wasesa)
Tuladha : Bapak
nembe sare.
J W
Ani nyapu latar.
J W
L
Ibu mundhut sayuran ing
peken.
J
W L Kat. Papan
Dina Selasa Mas Joni kelangan
jaket.
Kat. Wektu J W L
2.
Ukara camboran (kal. majemuk)
Ukara kang gagasane luwih saka siji, Jejer
lan wasesane luwih saka siji.
Tuladha:
1.
Nalika simbah(J) rawuh(w), aku(J) lagi sinau(W).
2.
Ibu (j) maos(w) koran(L) dene bapak(J) mriksani(W)
TV(L).
PR. Kaca 7 gladhen
HOMONIM
Tembung homonim: tembung kang padha tulisan
lan pocapane nanging beda tegese.
Kaca 6 Kaloka Basa IX:
1.
jumeneng :
-
ngadeg
-
madeg dadi
2.
sekar:
-
kembang
-
tembang
3.
kala:
-
wektu
-
piranti kanggo njiret/nyekel
4.
bledug
-
anak gajah
-
reged
5.
sepet:
-
araning rasa
-
kulit klapa/kambil
6.
labuh:
-
mandheg ing pelabuhan
-
mbela negara
7.
bakal:
-
kain
-
arep
8.
kaum:
-
golongan
-
wong kang mimpin ndonga
9.
ngukur:
-
ngetung
-
nggaruk
10.
weling:
-
pesen/wanti-wanti
-
jinising ula
Gawe ukara :
a.
golek
1.
Mengko bengi ana pagelaran wayang golek ing bale
desa.
2.
Aku golek walang ing alas karo kanca-kanca.
b.
Kalong
1.
Banyune kalong akeh banget.
2.
Peleme dipangan kalong.
c.
Kedalon
-
Bapak anggenipun kondur kedalon
-
Anggone ngimbu sawo nganti kedalon
d.
Wayah
-
Wayahe Pak Triyono sampun setunggal.
-
Saiki wis wayahe bali.
e.
Serat
-
Bapak pikantuk serat ulem.
-
Kayu jati serate apik.
