expr:class='"loading" + data:blog.mobileClass'>

Halaman

Tampilkan postingan dengan label Naskah Babad. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Naskah Babad. Tampilkan semua postingan

Senin, 09 Desember 2013

Babad Kedu



BABAD KEDU

I. Gagaklodra Ngrabasa Masjid Tie Lieng Sieng.

Nalika jaman kerajaan Demak ing antarané abad kaping 15, ing tlatah Kudus ana sawijining pondhok pesantrèn dumunung ing Désa Glagahwangi. Déné kang minangka pangarsané pondhok yaiku panjenengané Sunan Kudus. Ing wektu kuwi, negara Majapahit wis surut kuncarané, amung kari sisa-sisaning negara kang dumadi saka negara cilik-cilik, lan uga isih akèh kang ora seneng marang adeging Negara Demak. Rasa ora seneng iki disababaké saka sedyané Negara Demak anggoné nindakaké syiar agama Islam. Salah siji saka negara iku negara Capiturang. Masjid Tie Lie Sieng salah sawijining masjid kang digunakaké minangka papan pasinaoné santri-santri Glagahwangi muridé Sunan Kudus. Santriné Sunan Kudus akèh, nanging sing katon manjila ana cacah sanga.

Nuju sawijining dina, amarengi wayah subuh, kaya padatan ing saben dinané, masjid Tie Lie Sieng kebak santri-santri kang padha nindakaké sholat Subuh. Swasana tentrem awit kasiram adheming bun wanci bangun, dumadakan dikagètaké déning panjeriting bakul-bakul pasar kang ora adoh saka masjid kono. Wong-wong padha pating jlerit kamiwedèn, sabab tanpa kanyana-nyana dagangan kang lagi wiwit ditata diosak-asik prajurit Capiturang kang dipandhégani Gagaklodra. Solahé wong-wong pasar padha pating bilulung salang tunjang, nylametaké awaké dhéwé-dhéwé, tanpa mikir dagangan. Kabèh padha wedi, giris miris, meruhi tandangé Gagaklodra sawadyané kang tanpa rasa kamanungsan gawé rurusuh jroning pasar. Santri Glagahwangi sigra prayitna ing kéwuh. Tanpa diabani énggal ngadhepi sing gawé gègèr. Gagaklodra sawadyané dipapagaké bebarengan. Nanging sepira ta dayané para santri Glagahwangi, mungsuh prajurit sing asikep gagaman ampuh. Ora nganti suwé, para santri kaseser anggoné nandhingi prajurit Capiturang. Akèh santri kang keplayu ngungsi urip, mangkono uga santri sanga padha tinggal glanggang colong playu. Ing antarané santri sanga iku kang dimangertèni jenengé yaiku, Sirojul Munir (Syeh Subakir), Sarif Hidayat (Syeh Maulana Taqwim), lan Moh Gufron (Sunan Geseng).

Gagaklodra ditutaké sawatara wadyané mbledig playuné Sarif Hidayat. Bareng tekan ng tlatah Sirandhu, Sarif Hidayat wis ora bisa ngglawat, temah kasil kepikut déning Gagaklodra sakanca. Sarif Hidayat banjur diajar nganti nandhang tatu arang kranjang. Sarif Hidayat wis ora bisa bangga, ing batin nyipta bakal tumekaning pati. Ing nalika Gagaklodra sakancané padha milara Sarif Hidayat, dumadakan ana swara tanpa rupa sing ora kasumurupan dunungé. Swara tanpa rupa iku semu nantang marang Gagaklodra, ndadak nganggo tembang Dhandhanggula kang uniné mangkéné.

Gagaklodra kang ngaku prajurit
Nyata sira mung anggunggung karsa
Mulasara pepadhané
Yèn nyata sira iku
Sraya king nagri Majapahit
Aja sira anggembèla (turah 1)
Adhepana ingsun
Ingsun tan bakal lumayu [a]
Hangadhepi manungsa lir sana sunu [i]
Kuru tur tanpa bayu [a]

Kaya ngapa cingaké Gagaklodra sakanca. Rasa cingak ndadèkaké rada kendho anggoné milara Sarif Hidayat, temahan padha clingukan nggolèki sumbering swara. Salaginé bingung sarta nilingaké kuping, tanpa kanyana-nyana ana wewayangan sarwa putih kumlébat nyaut Sarif Hidayat sing wis tanpa daya. Sakedhèping mripat wewayangan putih iku musna bareng lan ilanging Sarif Hidayat saka papan kono.

Sapa ta sejatiné kang nylametaké Sarif Hidayat? Pawongan iku ora liya Kyai Kasan Besari, uga kang kerep disebut Ki Jénggot Putih. Sayektiné Ki Jénggot Putih wis sawatara suwé anggoné ngulataké lakuné Gagaklodra sakanca. Mula, nalika Sarif Hidayat sajak bakal kena ing pati, tumuli awèh pitulungan. Sarif Hidayat dipanggul Ki Jénggot Putih, digawa tumuju mring Padhepokan Argaluwih.

Argaluwih kuwi padhepokané Syèh Maulana Garibhi. Ya panjenengané iki sing uga sinebut Ki Ageng Hardapikukuh. Syèh Maulana Garibhi duwé anak wadon aran Sri Lintang Kedhaton utawa Siti Amariyah Ambariyah, déné asmané Cina Lie Gio Nio.

Ing Padhepokan Argaluwih, Sarif Hidayat diupakara nganti waras. Ya Sri Lintang Kedhaton iku kang kanthi tlatèn ngupakara Sarif Hidayat nganti waras. Apa kebutuhané Sarif Hidayat tansah dicukupi Sri Lintang Kedhaton. Sarèhné Sarif Hidayat lan Sri Lintang Kedhaton iku padha-padha bocah kang nedheng brahi, mula nora mokal yèn suwéning suwé leloroné kataman rasa asmara. Ki Jénggot Putih tanggap marang glagating bocah, mula tumuli matur marang Syèh Maulana Garibhi supaya bocahh loro iku didhaupaké. Syèh Maulana Garibhi ora kabotan. Sawisé nemtokaké dina kang prayoga, Sarif Hidayat lan Sri Lintang Kedhaton dinikahaké. Kanggo mbuwang tilas lan supaya ora konangan Gagaklodra sawadyané, Sarif Hidayat banjur ganti jeneng Jaka Teguh.

II. Dumadiné Sukoreja

Ing sawijining wanci, Syeh Maulana Garibhi ngarsakaké nggelar kataman. Ing kono Syeh Maulana Garibhi kapareng jumeneng ing sangarepé para santri, sarta paring pangandikan. Wusananing pangandikan, Syèh Maulana Garibhi paring jeneng jeneng wewengkon kono sinebuta Desa Sukorejo, awit wis klakon bisa gawé suka lan gambiraning para kawula padésan. Wektu kuwi marengi ing dina Kemis Pahing tahun 1386 B/M.
Jroning pahargyan kataman kuwi Ki Jenggot Putih uga melu anekseni. Saparipurnaning kataman, Ki Jenggot Putih kapareng pamit bakal nerusaké tindaké. Sadurungé pamitan, Ki Jénggot Putih paring pitungkas marang Jaka Teguh supaya nggolèki Kanjeng Sunan Kalijaga, ing pamrih antuka pituduh nggoné bakal nindakaké syiar agama Islam.

III. Jaka Teguh Dadi Nukibah ing Kedu

Ing saben-saben Jaka Teguh tansah kèlingan marang apa kang dadi dhawuhé Ki Jénggot Putih ya Kasan Besari. Luwih-luwih yèn pinuju wanci bengi, apa kang dingendikaké Ki Jénggot Putih isih keprungu cetha nèng talingan, “Jaka Teguh, sira darbé sesanggeman kang abot. Sanadyan jejibahan iki ora kena sinangga ènthèng, nanging pakaryan iki mujudaké pakaryan kang suci. Wujuding jejibahan gedhé iki, yaiku sira kudu mèlu cawé-cawé lan nyengkuyung sumebaré agama Islam ing Tanah Jawa. Amung, sadurungé sira miwiti pakaryan agung iki, luwih dhisik sira nyuwuna pangèstu marang Kanjeng Sunan Kalijaga.”

Pangandikané Ki Kasan Besari kuwi, ing saben dina dirasakaké nganti rumasuk jroning sanubari. Jaka Teguh dadi tansah gorèh. Yèn mituhu dhawuhing guru, ateges kudu ninggal garwa. Mangka durung suwé nggoné dhaup, malah saiki garwané wis nggarbini patang sasi. Yèn mung tansah ana Padhepokan waé, gèk ya piyé. Sawisé dilimbang-limbang sawatara dina, Jaka Teguh tumuli mrentul tékadé. Tékad kang dilandhesi karep kang kuwat. Dadi tansaya golong gilig tekadé Jaka Teguh, bakal mituhu dhawuhé Sang Guru kanthi gelenging kalbu.

Ing sawijining dina kang dirasa prayoga, Jaka Teguh ngadhep marang marasepuh. Kanthi kebak ing trapsila, Jaka Teguh ngaturaké kabèh kang dadi gémbolaning ati. Krungu aturé Jaka Teguh, Syèh Mulana Garibhi ora kabotan, malah paring panyengkuyung. Semono uga Sri Lintang Kedhaton, sanadyan abot rasané yèn tininggal ing bojo, nanging karana tindaké kang garwa iku nyangkul jejibahan luhur, sanadyan abota kaya ngapa, ya kudu nglilakaké lungané garwa. Sawisé tata-tata sawetara Jaka Teguh tumuli pamitan budhal. Kaya ngapa sedhihé kang garwa kang tinilar ing kakung.

Tindaké Jaka Teguh ing wanci bangun ésuk sabubaré nindakaké shalat Subuh. Tindaké didhèrèkaké Bah Gedruk lan Bah Beo. Lakuné mangétan. Jroning lumaku akèh pangrencana ing dalan, nanging kabèh panggodha bisa disingkiraké awit saka kandeling tékad.

Satekané ing gumuk Slandhakan tanpa kanyana-nyana kaprungu swara panggeroning macan mecah sepining swasana. Swarané nggegirisi agawé mirising ati. Jaka Teguh wedi lan dadi cilik atiné. Ora ngerti kuwi swara apa. Saking wediné nuli lungguh semedi supaya bisa sarèh rasané, lan nyunyuwun pangwasaning Gusti supaya diparingi pituduh murih kaslametané wong telu. Bah Gedruk lan Bah Beo kamigilan, saya manèh papan kono adhemé njekut awit isih klebu wewengkon pèrenging Gunung Sumbing. Ora suwé Jaka Teguh unjal napas sarta angandika, “Ki sanak yèn kowé bakal tegel mangsa aku sakanca, saiki uga mung pasrah. Nanging yèn kowé arep njaluk tulung nggerenga manèh kaping telu.”

Ora suwé keprungu swara nggereng kaping telu, lan dumadakan ing sangarepé Jaka Teguh ana wewujudan macan ireng kang kejepit watu, tur ta isih ketambahan kebrukan wit Jalu. Ndulu kahanané macan iki Jaka Teguh dadi welas atiné. Énggal-énggal Jaka Teguh awèh pitulungan sarana ngetogaké mantra ngèlmu paringané Ki Jénggot Putih. Kena dayaning mantra, wit Jalu kang sakawit ngebruki awaké macan bisa ngadeg jejeg manèh kaya-kaya ana kekuwatan gedhé kang ngedegaké. Wekasan macan ireng bisa luwar saka panandang. Anèh, sawisé luwar saka panandhang macan kuwi lon-lonan nyedhaki Jaka Teguh. Kaya-kaya bisa tata jalma, macan kuwi ngaturaké panuwun marang Jaka Teguh. Kanggo pangéling-éling lelakon kuwi, déning Jaka Teguh papan kono dijenengaké Désa Cepit, awit ana kedadéyan macan kejepit ing watu.

Ésuké, teteluné mbacutaké laku mudhun gunung. Kang sakawit mlaku ngétan, saiki mlaku ngalor. Satekané Desa Mbalong, ing kono ana wit Pakis Taji lan sumber banyu bening kang prayoga kanggo reresik awak. Pawongan telu tumuli padha adus. Wah, méndah segeré, dhasar pirang-pirang dina awak ora kambon banyu. Kapinujon ing cedhak papan kono ana watu gedhé kang ayomi wit Garu kang banget ngrembuyung. Jaka Teguh lèyèh-lèyèh ing ngisoring wit Garu mau sinambi ngenam-enam pikiran. Lagi énak-énak ngasokaké awak, dumadakan tanpa sangkan-sangkan ana pawongan nganggo sarwa wulung, jubahé wulung lan uga nganggo iket wulung nyedhaki Jaka Teguh sakanca. Ora susah ndadak nganggo diabani wong telu bebarengan mbagèkaké pawongan nyalawadi mau kanthi salam bebarengan.

“Assalamualaikum”.
“Waalaikum salam.” Si Jubah Wulung paring wangsulan, swarané kebak ing pangaribawa, nuli banjur ngandika,
“Nggèr, rak wis dha mari ta keselmu. Wis, saiki ayo babarengan nindakaké shalat Dhuhur.” Dhasaré wanci ya wis keprungu swarané azan. Sawisé shalat si Jubah Wulung takon marang Jaka Teguh,
“Apa sira lagi nggolèki aku?” Kanthi gugup Jaka Teguh mangsuli
“Inggih.”
“Yèn ngono, wis ayo padha ndhèrèka aku.”

Pawongan papat mlaku bebarengan. Jubah Wulung ana ngarep nunggang jaran ireng, Jaka Teguh nitih jaran abang. Jan katon gagah dhasaré bagus pasuryané, semono uga Bah Béo lan Bah Gedruk uga tansah tut wuri. Jaka Teguh ora mangertèni papan kang bakal dituju iki mengko ana ngendi. Ngerti-ngertiné bareng wis tekan Padhepokan Bagelèn Purworeja. Ing kono wis ana Ki Cakrajaya lan Ki Ageng Geseng.

Jubah Wulung kang sayektiné yaiku Sunan Kalijaga, bebarengan lan Ki Cakrajaya, Ki Ageng Geseng, lan Jaka Teguh ngrembug anggoné bakal nindakaké syiar agama Islam. Anggoné imbal pangandikan nganti sewengi muput. Jroning patemon mau ngasilaké putusan, yaiku: Ki Cakrajaya supaya dadi nukibah ing Bagelèn, Ki Ageng Geseng dadi nukibah ing Loano ngiras pantes dadi imam jumeneng Sunan Geseng, Jaka Teguh dadi nukibah ing Kedu jumeneng Ki Ageng Kedu utawa Syeh Maulana Taqwim. Sawisé ngedum pakaryan tumuli padha sesowangan laku. Kanjeng Sunan Kalijaga dhéwé banjur jengkar nerusaké laku.

IV. Ing Balongan, Parakan

Jroning patemon ing Padhepokan Bagelèn, Kanjeng Sunan Kalijaga paring wewarah, supaya jroning padha nindakaké jejibahan syiar agama Islam, luwih dhisik diwiwiti kanthi cara mulang tetanèn marang wong-wong padésan. Sabab wektu kuwi isih akèh wong-wong samin, sarta isih padha ngrasuk agama lawas yaiku Hindhu lan Buda. Lan isih akèh wewarahé Kanjeng Sunan Kalijaga. Kanthi pituduhé Kanjeng Sunan Kalijaga mau, Jaka Teguh dadi saya mantep atiné nggoné bakal ngayahi pakaryan. Jaka Teguh kajibah syiar agama Islam ing tlatah Gunung Sumbing lan Sindoro kanthi tetenger asma Ki Ageng Kedu ya Syeh Maulana Taqwim.
Ki Ageng Kedu tumuli lumaku tumuju Kedu, Bah Beo lan Bah Gedruk tansah ndhèrèk. Teteluné numpak jaran. Satekané ing Mbéngkal teteluné lèrèn. Dumadakan ana sawijining nom-noman nunggang jaran, lakuné dibandhangaké. Bareng lakuning jaran wis rada cerak Bah Gedruk nyoba ngendhegaké lakuné nom-noman kuwi. Sajaké nom-noman kuwi nduwèni watak kongas, ketitik lakuning jaran ora dipekak, malah kepara dibandhangaké. Ki Ageng Kedu pirsa sarta tanggap ing grahita, mula sigra amatek mantra nedya gawé pémut marang nom-noman kuwi. Kena dayaning mantra, playuné jaran kang sakawit mangulon, cengkélak bali mangétan. Tekan sangareping Ki Ageng Kedu, tanpa dipekak jaran mandheg. Nom-noman kuwi rumangsa isin, sabab ora nggapé marang Ki Ageng Kedu. Kanthi praupan ndhingkluk nom-noman kuwi tumuli mudhun saka gegering jaran. Sawisé wis padha satata Ki Ageng Kedu ndangu marang nom-noman mau,

“Sira kuwi sapa, asalmu saka ngendi, lan perlu ngapa? Déné numpak jaran sajak kesusu, playuné nganti kaya angin.”
Nom-noman mau wangsulan, “Kula pun Bramanti, utusanipun Sunan Kudus. Kula dipun dhawuhi Kanjeng Sunan supados ngupadi santri saking Demak Bintara ingkang nembé syiar Agami Islam ing tlatah Kedu mriki.”
“Kalamun kowé ngupadi santri saka Demak Bintara, ya aku iki wongé.” Ki Ageng blaka.

Bramanti ndlongop semu ora percaya, “Manawi kapareng kula nyuwun tandha bukti, bilih panjenengan punika santri saking Demak Bintara.” Ki Ageng banjur miyak jubah agemané, lan nuduhaké timang kang diagem marang Bramanti. Timang kuwi sayekti tandha cihna santri saka kraton Demak.

Rada sawatara Bramanti ngiling-ilingi timang kuwi, “Manawi makaten leres, panjenengan ingkang kula upadi.” Bramanti gambira bareng weruh timang kang diagem Ki Ageng Kedu jumbuh kalawan apa kang didhawuhaké Sunan Kudus. Bramanti banjur mbacutaké atur, “Kula dipun utus Sunan Kudus kapurih masrahaken barang punika.” Bramanti ngaturaké buntelan sing isiné sabuk cindhé. Ki Ageng nampani buntelan iku, sabuk cindhé tumuli diagem. Bareng wis diagem, wujudé sabuk cindhé katon selaras lan timangan. Kahanan iki kerep sinebut ‘cindhélaras’. Sanadyan amung wujud sabuk lan timangan, barang iku darbé daya linuwih. Daya panguwasané sabuk cindhé kang selaras lan timangan, ora gampang soring ajurit. Santri Demak kang diparingi barang kasebut ana cacah sanga. Saliyané kuwi Ki Ageng uga diparingi wiji pari lan mbako supayu tinandur ing tlatah Kedu, awit ya mung bumi kono kang bisa tinanduran.

Sawise imbal pangandikan sawatara Ki Ageng mbacutaké laku. Bramanti ora bali ing Demak, malah mèlu Ki Ageng Kedu. Tekan ing désa Pendang Ki Ageng Kedu kersa mapan ana kono ing omah kang sarwa prasaja. Ki Ageng Kedu tumuli miwiti syiar agama.

Winih pari saka Bramanti mau aran Rajalélé lan Cempa. Déné mbako utawa tembakau nganti saiki sok disebut tambaku. Suwéning suwé tlatah kono dadi subur. Ki Ageng Kedu uga ingon-ingon bangsaning iwèn. Salah siji klangenané yaiku pitik jago ulesé ireng mulus. Yèn diedu tarungé pilih tandhing, prasasat ora ana kang bisa ngalahaké.

Ana ing Pendang nganti sawatara wektu. Ing sawijining dina Ki Ageng Kedu kèlingan marang garwané kang ditinggal ing Padhepokan Argaluwih, kamangka nalika ditinggal kaé lagi nggarbini watara umur patang sasi. Ki Ageng Kedu tuwuh rasa kangené. Mula banjur kondur ing Padhepokan Argaluwih didhèrèkaké Bah Beo mring Argaluwih, déné Bah Gedruk tunggu omah.

Bramanti ora bali ing Demak, nanging nyuwita marang Ki Ageng Kedu. Bramanti nggarap lemah ing tlatah Balongan mangétan, kabèh ditanduri pari Cempa lan Rajalélé. Bramanti uga kepareng yasa masjid, banjur salin asma Ki Ageng Parak. Nganti séda Ki Ageng Parak banjur disarèkaké sakuloning masjid. Déné papan kono saiki dadi kutha kang sinebut Parakan.

V. Garung

Duk nalika jaman (……..) ing antarané tahun (……..), wewengkon Garung maksih wujud alas gung liwang-liwung kang kebak ing ri bandhil bobondhotan. Para kawula kang padha mapan ing sakiwa-tengené alas Garung racak-racak durung andarbéni kapinteran kang mirunggan kanggo olah tetanèn. Kanggo nyukupi kabutuhan urip saben dinané, padha mbebedhag buron alas kang pancèn cacahé tanpa wilangan. Kahanan iki kabèh wus kapirsan déning Ki Ageng Makukuhan. Miturut pamawasé, tlatah Garung sayektiné trep banget kalamun kinarya tandur pari. Awit lemah Garung kuwi klebu lemah kang subur, tur ta ana sumber kang banyuné ajeg mili mintir tan ana kendhaté, sajaké prayoga yèn kanggo ngoncori pesawahan.

Ki Ageng Makukuhan, sawisé nglilimbang sawatara dina tumuli lon-lonan ngendikaké penggalihané iki marang wong-wong ing Garung. Ora gantalan wektu, wus akèh pawongan kang padha nyengkuyung karsané Ki Ageng Makukuhan. Pakaryan gedhé tumuli diwiwiti. Babat alas kinarya pesawahan. Gedhé cilik, tuwa enom, tumandang bareng ngayahi karya. Sing lanang padha nyekel gaman kinarya mbabati glagah alang-alang lan ri bandhil bebondhotan. Déné para wadon olah pangan, nggodhog téla nggarut lan nggayong.

Anggoné babat alas dilakoni nganti pirang-pirang dina lawasé. Awit saka kawasisané Ki Ageng nggoné ngrengkuh para kawula, pakaryan abot bisa rampung. Pesawahan kang bawéra iku nuli tinanduran (pari) .
Ing saben-saben nindakaké pakaryan iki mau, ing wanci ngaso kabèh kang makarya padha lèyèh-lèyèh sinambi mangan rangsuman olahaning para wadon. Mawarna-warna solahé. Ana kang disambi jagongan ngrembug asiling pakaryan, ana kang turon sèndhèn wit-witan gedhé tur ayom.

Kawula wewengkon Garung maksih padha ngrasuk agama Hindu Budha. Amung kepiyé mungguh cara lan adaté agama kuwi nalika samana durung kinawruhan kanthi cetha. Anané padha ngrasuk agama Hindu Budha bisa dimangertèni awit jaman iku kalebu jaman Majapahit pungkasan. Dadi isih akèh tabet-tabet kapercayan saka Kerajaan gedhé iku.


Carané Ki Ageng nindakaké syiar agama Islam

Makukuhan kuwi sawijining pawongan kang sugih akal. Piyambaké mangerti yèn kawula ing Garung darbé kapercayan marang agama Hindu Budha. Tur ta prasasat kabèh durung ngawruhi marang agama Islam. Mula anggoné nindakaké syiar Makukuhan kanthi cara olah tetanèn. Pakaryan babat alas lan miwiti tandur sepisanan mujudaké pakaryan kang kena sinangga ènthèng. Pakaryan iku saliyané mbutuhaké tenaga bahu uga butuh pétung kang njlimet. Mula nalika kawula Garung bebarengan ngayahi karya, ing wanci ngaso padha katon anggoné sayah. Ing satengahing swasana mangkono iku Ki Ageng nyedhaki sawijining pawongan takon kanthi ulat kang sumeh, “Paman, ngendi dunungé banyu kang bening? Paman.”

Pawongan kang tinakonan wangsulan, “Radi tebih saking papan ngriki wonten pancuran ageng ingkang toyanipun wening, mangga kula dhèrèkaken Ki Ageng.”

Ki Ageng nuli tindak ngupadi dunungé banyu kuwi, didhèrèkaké sawetara pawongan. Tekan papaning banyu Ki Ageng énggal nindakaké wudlu. Solahé sarwa sarèh, ing pamrih supaya digatèkaké sing padha ndhèrèkaké. Rampung wudlu, tumuli bali ing papan sakawit. Ki Ageng tetanya manèh ing ngendi pernahé kéblat Kulon. Para kawula Garung saur manuk nggoné wangsulan sarwi anuding tudhuh arah, “mrika, Ki Ageng.” Ki Ageng lon-lonan nglukar jubah, jinèrèng ing sangarepé nggoné jumeneng, tumuli miwiti shalat Luhur nganti rampung. Wong-wong padha nggatèkaké apa kang lagi ditindaké Ki Ageng. Akèh kang padha nggumun, Ki Ageng kuwi lagi perlu apa?

Ki Ageng mangertèni yèn tansah dadi kawigatèné para wong-wong mau, nanging api-api ora pirsa. Sawisé rampung anggoné nindakaké shalat, Ki Ageng banjur ndongèng lelakoné para nabi anggoné olah tetanèn. Kaya ta caritané Nabi Yusup kang nandur gandum. Sajroning olah tetanèn Nabi Yusup ora lali tansah nindakaké shalat, kang perluné manembah lan nyuwun marang Gusti Allah supaya tandurané bisa subur lan kinalisaké saka aa tanduran. Akèh para tani kang padha kepranan marang dongèngé Ki Ageng, kang ya pinter crita. Mula wong-wong Garung sithik mbaka sithik tumuli nulad apa kang ditindakaké Ki Ageng. Temahan suwéning suwé kawula ing Garung padha ngrasuk agama Islam.

Dadi kaya mangkono kuwi carané Ki Ageng anggoné syiar Agama Islam luwih dhisik ngagem cara mulang carané olah tetanèn. Kabèh ditindakaké kanthi lon-lonan manut kadiwasaning kawula. Sawisé sawatara sasi nggoné wong-wong Garung ngolah tetanèn wiwit katon asilé. Apa kang tinandur thukul subur. Kahanan iki saya amimbuhi rasa tresna tumrap wong Garung lawan Ki Ageng kang wus paring kawruh tetanèn. Mula wong-wong Garung tansah ngagungaké Ki Ageng.

Ki Ageng Makukuhan cinegat grombolan Branjang Alas

Ki Ageng wus kalampahan ngislamaké Garung. Sawisé sawatara dudunung ing Garung Ki Ageng nuli nerusaké laku. Tindaké didhèrekaké Ki Beo. Nalika tindaké tekan Kabuk, dumadakan ana grombolan kang kondhang kawengasané ing wewengkon kono. Grombolan iki wataké kejem lan ora wegah gawé papati. Tetuwaning grombolan aran Branjang Alas. Kabèh andhahané Brangjang Alas racak-racak praènané serem.
Branjang Alas nggetak kanthi swara sora supaya Ki Ageng mudhun saka gigiring kuda. Nanging Ki Ageng ora kersa mudhun, sadurungé gelem mangsuli pitakonan. Branjang Alas saya nesu. Wekasan Ki Beo mudhun saka tumpakan lan genti nantang Branjang Alas. Ora suwé Ki Beo gelut mungsuh Branjang Alas. Jroning perang kuwi Branjang Alas mati. Weruh tutuwané mati, para andhahan padha mlayu salang tunjang ngungsi urip. Branjang Alas dikubur ing Kabuk kono.

Ki Ageng mbacutaké tindak tumuju Tlahap. Tekan dalan péngkolan tindaké di adang sawatara nom-noman kang ora seneng marang Ki Ageng. Ngadhepi kedadéan iki Ki Ageng malah nyapa kanthi ulat manis marang para nom-noman iku. Kanthi nuding salah siji kang awaké katon santosa, Ki Ageng paring sasmita. Nanging nom-noman kuwi malah lon-lonan nyedhak banjur nyuwun pangapura. Sabanjuré kanca-kancané uga mèlu nyuwun ngapura.

Ki Ageng Kedu & Sam Po Kong

Ki Ageng kalakon kanthi sukses syiar agama srana olah tani mbako lan pari, mliginé pari cempa lan rajalélé ing Mbalongan. Datan suwe kabar Ki Ageng lumembar saindenging kadipaten, nganti tekan ing Kudus. Nalika samana Sunan Kudus kang nyekel panguwasa. Sunan Kudus kuwi wong kang sekti mandraguna. Sunan Kudus karsa nimbali Ki Ageng (Ma Kuw Kwan) supaya atur palapuran mring benering pawarta sawusé dadi naubah ing Kedu. Karana Ki Ageng rumangsa purwané dadi santri Kudus mula nedya sowan.

Ki Ageng tindak pribadi tanpa kanthi kaya adaté, mung ngasta pitik jago ireng mulus klangenané. Ing batin jago kuwi nedya didu klawan jagoné Sunan Kudus, awit Ki Ageng ya wis pirsa yèn Kudus uga remen adu jago. Ki Ageng tindak tanpa tunggangan, mabur. Kasekten kuwi paringané Ki Jenggot Putih lan Sunan Kalijaga. Patrapé kang mangkono sayektiné mung nedya pamèr.

Ing ing pendapa masjid ana patemon, ing antarané ponakané Sam po kang aran Te Lieng Sieng lan para santri. Ki Ageng prapta papan kono, mabur ngubengi masjid. Weruh patrapé Ki Ageng, Sunan Kudus duka. Sigra dhawuh salah siji santri kinèn nyawat tampah. Bareng Ki Ageng disawat tampah, Ki Ageng malah nitihi tampah kasebut. Kocapa Sam Po kobong atiné, nuli njupuk krikil kasawataké ngenani Ki Ageng. Klakon dhawah kalenggak, kecemplung ing pecerèn kang jember. Jubah kebak blethok. Ki Ageng banget lingsem. Papan kono saiki dadi pasar Jember, saka tembung papan jember. Ora adoh saka menara Kudus.

Kedadéyan Ki Ageng mabur dadi kembang lambé kawula sakiwa tengen kono. Ki Ageng banjur mapan ing Desa Gribik. Nalika samana mireng warta yen ing Desa Glagahwangi ana adu pitik jago. Purnané adon-adon, jago Ki Ageng kasil ngalahaké Jago Sunan Kudus. Ya saka kalangan adu jago, asmané Ki Ageng kawentar manèh, malah antuk putri RA Sulasmi. Pangandikané Sunan Kudus, “Saiki sira nerusna anggonmu syiar agama ing Kedu, lan sira tak jodhokaké kalawan RA Sulasmi. Muga-muga kabèh lalakon iki ana hikmahé.” Kalawan RA Sulasmi patutan 4, yaiku: 1. R. Hasan Dhadhungawuk, 2. R. Hasan Munadi, 3. Rr. Sulastri, lan 4. R. Hasan Nyatnyano.

Wafatnya Ki Ageng Kedu di Ddesa Kedu ternyata oleh pengikut dan murid-murid Ki Ageng Kedu di wilayah pegunungan Sumbing Sindoro menjadi rebutan mau dimakamkan di puncak Sumbing dan puncak Sindoro yang terjadi di sungai Goleh perbatasan antara Sumbing Sindoro dan ditengahi oleh Ki Ageng Bagelen. Perebutan inipun ternyata dimenangkan oleh murid-murid wilayah Sumbing. Pemakamanpun dilaksanakan murid-murid Ki Ageng Kedu di puncak Sumbing. Perjalanan dari Kedu ke puncak Sumbing ini melewati daertah Desa Ndelok dan para rombongan ini beristirahat di sebelah Ndelok untuk minum menghilangkan haus, dan dinamakan Ndayan. Setelah istirahat para rombongan meneruskan perjalanan menuju puncak Sumbing sampai pada suatu tempat rombongan ini ada yang ingin buang air besar, dan di tempat ini sekarang dinamakan Pablengan. Di desa Cepit pager gunung merekapun juga melaksanakan sembahyang dan tempat sembahyang tersebut dinamakan Keramat di desa dukuh Wonosari. Sampai pada suatu tempat rombongan pembawaa jenasah Ki Ageng Kedu beristurahat dan memutuskan untuk memakamkan di punggung puncak Sumbing, tapi dengaan kekuasaan Allah akhirnya lubang yang sudah dibuat oleh rombongan pembawaa jenasah tidak jadi tempat untuk pemakaman Ki Ageng Kedu. Tempat inipun sampai sekarang karena kekuasaan Allah siapa saja yang bisa masuk ke daklam lubang ini menjadi sakti dan akan mempunyai kesaktian yang tiada tara. Perjalanan berlanjut ke puncak Sumbing melewati watu lawang dan berakhir pada laut pasir yang menjadi tempat peristirahatan rombongan, tetapi karena terlalu lelah akhirnya merekapun tertidur. Setelah bangun dari tidur mereka terkejut karena jenasah Ki Ageng Kedu sudah tidak ada, Ki Ageng Kedu hilang ditelan puncak Sumbing.

Kapethik saka :

Babad



BABAD ALAS NANGKA DHOYONG

Babad Crita Lesan

Babad Alas Nangka Dhoyong ;
Dumadine Kutha ‘Wonosari’

Wiwitaning carita ing wewengkon Sumingkar (saikine wilayah Sambi Pitu, Gunungkidul). Sumingkar iki miturut gotheking crita iki minangka Kutha Praja   Kabupaten Gunungkidul wektu iku; rikala Sultan Hamengkubuwana I madeg ratu ing Kraton Ngayogyakarta. Sumingkar cedhak karo tembung ‘sumingkir’. Mirid saka kahanan lan sejarahe masyarakat sakiwatengen Sambi Pitu, wong-wong ing wewengkon iki minangka playon saka Majapahit, wong-wong kang ‘sumingkir’ ing alas Gunungkidul biyene. Crita lesane wong-wong kana nerangake manawa Brawijaya pungkasan keplayu tekan alas Gunungkidul, ngulandara ing sawetara papan lan mbukaki alas-alas dumadi desa-desa sarta ninggalake maneka kabudayan. Brawijaya pungkasan moksa ing Guwa Bribin, Semanu, jalaran rikala disuwun malik ngrasuk Islam dening Sunan Kalijaga ora kersa. Kaya dene masyarakat kang sumebar manggon luwih dhisik ing Rongkop, Semanu, Karangmojo, Ngawen, Nglipar, Sambi Pitu, saperangan Pathuk, uga Panggang, wong-wong iki wis dumunung ing sajembaring alas Gunungkidul sadurunge kedaden Palihan Nagari (Prajanjen Giyanti) ing Surakarta. Kabukti kanthi ananing maneka warna kabudayan kang gregete nuduhake semangat Jawa Asli-Hindhu-Buda-praIslam, kaya ta: tledhek, rasulan, cing nggoling, babad alas, reyog, petilasan Hindhu, petilasan Buda, lsp. kang tansah diuri-uri tekane saiki. Crita iki uga minangka bukti stereotip ‘babad’ kaya kang dumadi ing desantaraning pulo Jawa lumrahe; kepara ing nusa-antara.

Ing Sumingkar Adipati Wiranagara madeg dadi adipati. Piyambake kagungan garwa cacahe loro, sing siji wanita Sumingkar, sing siji garwa triman saka Sultan. Ateges, garwa sing siji saka kraton Ngayogyakarta. Wus dadi kalumrahan yen para adipati pikantuk bebungah awujud apa wae saka ratune, bisa kalungguhan, kalebu garwa triman. Angkahe warna-warna: kanggo lintu tandang gawe, kanggo nerusake trahing kusuma, minangka tandha panguwasaning raja utawa kosok balene; teluke panggedhe ing dhaerah-dhaerah marang Nagaragung. Duk semana, rikala Adipati Wiranagara sowan ing Kraton Ngayogyakarta, piyambake oleh prentah saka Kanjeng Sultan supaya mindhah Kutha Praja Kabupaten Gunungkidul wektu iku kang dumunung ing Sumingkar (Sambi Pitu) menyang Alas Nangka Dhoyong, kang penere ing Kutha Praja Kabupaten Gunungkidul ing wektu iki. Kutha praja kabupaten Gunungkidul prelu dipindhah amarga miturut tata jagading keblat papat, kurang pener manengah. Dadi, rinasa dening Sultan kurang mangaribawani tumrap wewengkon kabupaten Gunungkidul liyane. Mangkono alesan ing crita rakyat dikandhakake. Sawuse kondur saka Kraton Ngayogyakarta, Adipati Wiranagara nimbali kabeh pangembating praja ing Sumingkar supaya sowan ing pendhapa kabupaten.

Demang Wanapawira, yaiku Demang Piyaman (wilayah Piyaman tekane Nglipar saiki), durung katon sowan ing pendhapa kabupaten. Para pangembating praja padha duwe beda penggalihan babagan durung sowane Demang Wanapawira. Wekasane, Demang Wanapawira tumeka sowan. Rangga Puspawilaga, sawijining rangga asal Siraman, matur marang Adipati Wiranagara supaya Demang Wanapawira diparingi ukuman marga telat anggone sowan. Rangga siji iki pancen wong kang gumunggung, seneng tumindak culika. Ananging usul mau ora ditanduki dening Sang Adipati. Adipati Wiranagara paring dhawuh marang Demang Wanapawira supaya ngayahi jejibahan mbabad Alas Nangka Dhoyong kanggo mangun kutha praja Kabupaten Gunungkidul, kaya dene kang tinitahake Sultan Hamengkubuwana. Demang Wanapawira siyaga mundhi dhawuh. Rangga Puspawilaga ora sarujuk yen Demang Wanapawira kang pinilih ngemban titahe Sultan iku. Angkahe, dheweke kang madeg duta. Rangga Puspawilaga ndhisiki metu saka pasewakan marga ora narima kahanan iku.

Ing kademangan Piyaman, cinarita ana sawijining perewangan kanthi nama Mbok Nitisari, kawentar jejuluk Nyi Niti. Nyi Niti dimangerteni dening wong-wong ing sakiwatengening Piyaman, kepara ing sawetara wewengkon Gunungkidul wektu iku, minangka perewangan; wong kang linuwih, mligine gayut karo roh alus lan lelembat. Nyi Niti duwe garwa inaran Ki Niti. Nyi Niti satemene mbakyune Demang Wanapawira. Nyi Niti lan Demang Wanapawira iki kalebu keturunane wong-wong playon saka Majapahit jaman semana. Tekane Piyaman, Demang Wanapawira marahake babagan apa kang tinitahake marang piyambake: mbukak Alas Nangka Dhoyong didadekake kutha praja. Demang Wanapawira nyuwun pretimbangan marang kangmboke. Satemene, sawuse ngrungu titah iku Mbok Niti rumangsa yen iku titah kang abot sanggane. Sakehing wong kang dumunung ing wewengkon Gunungkidul wektu iku wus priksa yen Alas Nangka Dhoyong iku alas kang gawat kaliwat, punjere jim lelembut, lan omahe dhanyang Nyi Gadhung Mlathi. Nanging, Mbok Niti saguh nyengkuyung lan ngrewangi Demang Wanapawira. Mbok Niti ndhawuhi Demang Wanapawira: sadurunge ngayahi babad alas supaya nglakoni sesuci lan ngadani slametan. Upacara iki syarat kang wus ditindakake para leluwure kawit biyen lan minangka sarana supaya manungsa bisa nyawiji lan nguwasani alam, kalebu roh-roh kang manggon ing alas wingit Nangka Dhoyong. Dene Nyi Niti bakal nyoba ‘rembugan’ karo Nyi Gadhung Mlathi; dhanyange Alas Nangka Dhoyong!

Demang Wanapawira, dirowangi Nyi Niti, semadi ing sangisoring wit ringin putih kang eyub, yaiku wit ringin kang mapan ing tengahing Alas Nangka Dhoyong. Nyi Gadhung Mlathi mapan ing wit iku (dhanyang panguwasa Alas Nangka Dhoyong). Demang Wanapawira lan Nyi Niti wus rila yen mengkone dimangsa Nyi Gadhung Mlathi  uger titah mbukak alas dadi kutha praja bisa kasembadan. Ana sawenehing banaspati kang ngreridhu Demang Wanapawira lan Nyi Niti kang lagi samadi, nanging bisa ditelukake. Nyi Gadhung Mlati marani saklorone. Dumadi peperangan rame antarane Nyi Gadhung Mlathi lan Nyi Niti. Marga ora ana kang kasoran, mula padha ngadani pirembagan.  Nyi Gadhung Mlati menehi palilah alase bisa dibukak didadekke kutha praja kanthi sarat: digawekke sajen Mahesa Lawung. Uwit panggone Nyi Gadhung Mlathi ora pikantuk ditegor lan Gadhung Mlati diwenehi panguripan dumadi dhanyang penunggu; yaiku roh kang njaga masyarakat mengkone. Nanging, Nyi Gadhung Mlati njaluk supaya digawekke sesajen saben taune minangka wujud panjagane masyarakat sing bakal ngenggoni alas iku mengkone. Nyi Niti nyarujuki panjaluke Nyi Gadhung Mlathi. Dene Nyi Gadhung Mlathi banjur mrentah para lelembut supaya nyengkuyung ngewangi pagawean mbukak alas supaya gancar anggone nandangi.

Sawuse nyekel rembug karo Gadhung Mlathi, Demang Wanapawira sowan ing ngarsane Adipati Wiranegara kanggo nyuwun panyengkuyung manawa enggal dilaksanakake babad alas. Demang Wanapawira lan Nyi Niti ngumpulke rakyat Piyaman lan sakiwatengene banjur gawe sesajen. Rakyat Paliyan dicritakake uga melu ngrewangi mbabad alas. Dene masyarakat Paliyan rewang-rewang mbabad alas iki marga wus kulina ngayahi mbabad alas; yaiku mbabad Alas Giring rikala semana, sadurunge adage Kraton Mataram. Rakyat Piyaman lan Paliyan gotong-royong mbukak alas. Rangga Puspawilaga rumangsa lingsem lan meri marang tandang gawene Wanapawira. Pakaryan mbabad Alas Nangka Dhoyong rampung. Alas wus dumadi kutha praja. Demang Wanapawira kasil ngayahi titahing ratu lan nunggu bebungah saka Sultane.

Pasar dibukak dening Adipati Wiranegara kanggo ngembangake lan ngrembakakake ajuning kutha. Pasar Nangka Dhoyong, tengere pasar iku, mapan ing wilayah Seneng lan minangka pasar kang rame banget. Adipati Wiranegara ngalembana Wanapawira kang bisa malik alas gung mijil kutha. Kacarita, ana sawijining putri saka Kepanjen Semanu (putra-putrine Panji Harjadipura) aran Rara Sudarmi ditutake Mbok Tuminah teka ing Pasar Seneng. Angkahe Sang Putri kanggo nonton lan ngrasakake kahanan pasar anyar kang lagi wae dibukak. Tekane Rara sudarmi ing Pasar Seneng bareng karo jumedhule Puspayuda, putrane Rangga Puspawilaga. Weruh Rara Sudarmi, Puspayuda rena marang dheweke. Puspayuda banjur nggodha Rara Sudarmi. Rara Sudarmi ora sudi. Banjur, dumadi padudon rame. Demang Wanapawira kang kepeneran uga ana ing Pasar Seneng ngleremke loro-lorone. Kaya dene Puspayuda, mangerteni Rara Sudarmi kang sulistya, ing manahe Demang Wanapawira sajatine uga tuwuh rasa tresna marang Rara Sudarmi. Puspayuda banget murkane marang Demang Wanapawira. Puspayuda ngelek-elek lan nantang Demang Wanapawira. Ananging ora dumadi pasulayan. Demang Wanapawira nglilih Rara Sudarmi lan Mbok Tuminah supaya enggal sumingkir saka pasar. Dene Puspayuda bali ing Siraman, banjur matur marang bapane: nyuwun supaya dilamarake Rara Sudarmi ing Kepanjen Semanu.

Rara Sudarmi lan Mbok Tuminah mampir ing daleme Nyi Niti. Ing crita iki diterangake yen Nyi Niti iku satemene isih kaprenah sadulur karo Rara Sudarmi, yaiku sadulur adoh saka ramane, Panji Harjadipura. Rara Sudarmi nyuwun pitulungan marang Ki Niti lan Nyi Niti prakara kang lagi wae ditemahi ing Pasar Seneng: dheweke bakal dicidrani Puspayuda, putrane Rangga Puspawilaga. Ora watara suwe, Demang Wanapawira tumekeng kana lan tansaya gedhe krentege marang Rara Sudarmi  meruhi Rara Sudarmi prapta ing omahe mbakyune. Ing jroning manah, Demang Wanapawira ngersakke Rara Sudarmi. Candhaking pangangkah, kanyata Mbok Nitisari njodhokake Demang Wanapawira klawan Rara Sudarmi. Cekaking carita, Demang Wanapawira lan Rara Sudarmi  padha prajanji disekseni Ki Niti dan Mbok Nitisari.

Rangga Harjadipura ing Kepanjen Semanu nampa praptane Rangga Puspawilaga kang duwe maksud nglamar Rara Sudarmi kanggo putrane, Puspayuda. Panji Harjadipura nulak kanthi alus marga akeh pawongan wus nglamar Rara Sudarmi. Praptane Puspawilaga kesaru tekane Demang Wanapawira, Ki Niti, lan Mbok Niti kang tindak Semanu kanggo ndherekke Rara Sudarmi lan Mbok Tuminah. Mrangguli kasunyatan iku Rangga Puspawilaga ngelek-elek lan murka marang Demang Wanapawira: geneya Demang Wanapawira tansah munggel pangangkahe. Rangga Puspawilaga banjur oncat saka Semanu. Sawuse Panji Harjadipura diaturi kedadeyan kang ditemahi Rara Sudarmi, piyambake nyrengeni putrane marga ora pantes lan ngisinake sawijining putri panji lelungan ing pasar tanpa lilah. Ananging, Mbok Tuminah lan Demang Wanapawira nyritakake kedadeyan sanyatane lan wewatekane Puspayuda marang Panji Harjadipura. Saengga, Harjadipura lerem dukane.

Wewangunan ing Kutha Praja tilase Alas Nangka Dhoyong tansaya akeh, rame, lan ngancik rampung. Sanajan mangkono, marga rasa kuciwane kang rumangsa tansah dialang-alangi Wanapawira, Rangga Puspawilaga ngirim ‘para jago’ sarta sakehing bala kanggo merjaya Demang Wanapawira apa dene Nyi Niti. Upaya iku tansah ora kasil. Mriksani lan mireng trekahe Rangga Puspawilaga kang kaya mangkono, Adipati Wiranegara ngawasi tindak-tanduke Rangga Puspawilaga. Samantara, Kutha Praja wus dumadi lan bakal diresmekake dening Sultan Hamengkubuwana I. Kanggo mahargya acara,Panji Harjadipura usul diadani sayembara njemparing, kanggo golek jodho tumrape Rara Sudarmi, uger akeh para punggawa sarta pawongan kang nglamar Rara Sudarmi. Sayembara njemparing bakal kaleksanan kanggo ngramekake peresmian kutha praja Gunungkidul kang anyar.

Adipati Wiranegara sepisan maneh ngalembana Demang Wanapawira marga bisa mangun kutha praja kang asri lan endah. Adipati Wiranegara nglapurake karyane Demang Wanapawira marang Sultan Hamengkubuwana lumantar Patih Danureja. Alas Nangka Dhoyong malih dadi kutha kang asri. Rakyat padha remen lan muji Demang Wanapawira. Mangerteni kahanan iki, Rangga Puspawilaga panas tambah panas atine lan irine. Marga wus peteng pikire, Rangga Puspawilaga minta sraya Maling Aguna (sawijining tokoh saka wewengkon Bantul) lan sagrombolan jago liyane supaya merjaya Adipati Wiranegara, Demang Wanapawira, Nyi Niti, lan Panji Harjadipura kanthi maksud madeg Adipati Gunungkidul lan musna kabeh wong-wong kang dianggep mungsuh. Panji Harjadipura meruhi rencana ala iku banjur lapuran marang Patih Danureja. Patih Danureja ngutus Raden Mas Baskara kanggo nggulung komplotane Puspawilaga.

Peresmian kutha kabupaten ing tilase Alas Nangka Dhoyong kalaksanan. Sadurunge gawe ontran-ontran, Maling Aguna lan balane ditangkep. Sayembara njemparing kawiwitan. Puspawilaga melu sayembara. Demang Wanapawira menang ing sayembara. Sultan Hamengkubuwana I maringi tetenger Kutha Nangka Dhoyong kanthi njupuk nama saka ‘Wanapawira’ digabungke nama ‘Nitisari’, dumadi ‘Wanasari’. Saiki lumrah kaserat ‘Wonosari’. Ana maneh sawetara panemu yen nama kutha praja Gunungkidul kang dumadi saka mbabad alas iki asal saka ‘Wana’ kang ateges ‘alas’, lan tembung ‘asri’ kang marga gotheking pocapan dadi ‘sari’ ateges ‘endah’. Minangka sesulih, Demang Wanapawira diangkat dadi adipati kanthi gelar Adipati Wiranegara II. Panji Harjadipura diangkat dadi patih panitipraja Kabupaten Gunungkidul. Ing wekasan, Wanapawira lan Rara Sudarmi nyawiji. Mangkono Wanapawira, (‘Wana’ memper ‘wono’ ateges ‘alas’, ‘pawira’ ateges ‘wong lanang-kendel-prajurit’)], bisa ‘mbabad’ samubarang kadurakan kang ana ing sakiwatengene, kepara kang tumanem jero ing manahe, dhewe. Yaiku ‘alas rowe’ ing atine. Tamtu wae sinengkuyung ‘ngelmu’ lan ‘sadulur’ kang bisa ndadekake piyambake ‘tukang babad’, kang satemene.

Sumber crita iki saka crita lesan (waca: crita rakyat) kang ‘sawetara’ isih ngrembaka ing wewengkon Gunungkidul sisih lor-kulon. Katuturake dening Sastra Suwarna, mantan Kadhus Piyaman I-Gunungkidul, kanthi owah-owahan kang rinasa prelu kanggo panulisan. Ana maneh sawetara carangan kang ‘uga’ isih ngrembaka ing wewengkon Karangmojo-Ponjong-Semanu babagan dumadine Kutha Wonosari Kabupaten Gunungkidul; kang surasane rada beda ‘kepentingan’ karo crita lesan versi iki. Utawa versi babad sing ateges ‘buku, naskah’, kang ‘sumimpen rapet’ ing jeroning Kraton Ngayogyakarta.

kapethik saka :