expr:class='"loading" + data:blog.mobileClass'>

Halaman

Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan

Selasa, 14 Januari 2014

Homograf, Dasanama, Geguritan


HOMOGRAF
Homograf: tembung kang padha tulisane , nanging beda pocapan lan
 tegese.
Tuladhane:
-          teken: (tanda tangan)/tapak asta,  teken: tongkat
-          lemper: araning panganan, lemper: piranti nyambel
-          cemeng: ireng, cemeng : anak kucing
-          kendel: wani, kendel: leren/ngaso
-          geger: boyok/perangan awak, geger: rame
-          meri:  kepengin, meri: anak bebek
-          gendheng: kanggo payon omah, gendheng: bambung/lokak
-          lempeng: krupuk saka tela, lempeng: lurus/kenceng
-          tegel: jobin, tegel: tega
-          tengen: aran dumununge papan, tengen: gampang tangi  
-          kesed : piranti kanggo nngresiki reged ing sikil/sandhal/sepatu, kesed:
 memengan/wegahan, kesed: resik banget
-          pentil: karet, pentil: bakale woh
-          ketel: peranti kanggo ngliwet/ngroncong sega, ketel: kandel(lebat)
tumrap rambut
-          kepet: piranti tepas-tepas, kepet: perangane swiwi lele, kepet:
-          gedhek: nam-naman saka pring, gedhek: tandha ora sarujuk


DASANAMA
Dasanama (sinonim): tembung kang padha tegese.
Tuladha:
-          tlatah: wilayah, wewengkon, daerah
-          gunung: giri, arga, wukir, ardi, redi, prabata, parwata
-          endah: apik, edi
-          ati: tyas, galih, nala,
-          banyu: warih, toya, her, we, tirta
-          watara: kurang luwih, kirang langkung, kira-kira
-          wanara: kethek, kapi, wre, rewanda
-          sasi: wulan, rembulan, candra, sasadara, sitaresmi
-          wisata: plesir, lelungan seneng-seneng
-          priksa: ngerti, uninga
-          kondhang: kawentar, kasusra, kajanapriya, kaonang-onang,
-          misuwur, kaloka, kontab

GEGURITAN
Maca geguritan iku paugerane 4 w:
1.       Wicara     : pocapane cetha, ora bindheng utawa blero
2.       Wirama   : munggah-mudhun, alon-banter swara
3.       Wiraga     : ekpresi,patrap, obahing awak, pasemon
4.       Wirasa     : dirasakake jroning ati isining geguritan

Rabu, 11 Desember 2013

Pranatan Bangsa

Pranatan Bangsa

Pra pangarsa
Apa padha mangerti
Awan lawan wengi
Pranatan ginawe bebarengan
Dening punggawaning bangsa
Amrih tentrem negarane
Ning apa gampang karyane?
Kudu mretandhani krenteging ati
Pranatan kang gawa berkah
Pramila nyengkuyunga
Ing madyaning pamarintah
Wredha mudha nyambut kardi
Kanggo ayem tentreming negari



Jatining Urip

Jatining Urip

Nalika jiwa tumemplek ing raga
Dadya manungsa kang santosa
Jaga resiking jiwa
Marang regedan alam donya
Kang sangsaya tuwa
Tetep manut mring dhawuhe Kang Maha Kuwasa
Mugya datan gawe kapitunan mring priyangga
Uga marang liya
Ning apa iya gampang?
Mesthi akeh coba
Sing ora dinuga dening manungsa
Eling lan waspada
Dadi laku kang utama

Nuju mring urip kang mulya lan satata

Selasa, 10 Desember 2013

Tumindak Nistha kuwi Asor

Tumindak Nistha kuwi Asor 
Dening : Angela Kristi

Kapan ya para pemimpin padha sadar,
Padha bali marang jati dirine,
Minangka wong kang mestine,
Dadi tepa tuladha, dadi panutan.
Banjur eling....
Menawi tumindak nistha kuwi
Klebu wong kang asor budhine,
Dhuwura kaya ngapa pangkate,
Amber-ambera
kaya ngapi bondha donyane,
Yen asor budine,

Ora ana ajine babar pisan.

Natal



Natal


Natal...
Lampu-lampu kelap kelip
Wit cemara dihias
Akeh kado kado
Santa claus teka
bocah-bocah ngenteni
Natal...
Kumpul karo kaluwarga
Natal...
Lunga gereja karo kaluwarga
Natal...
Akeh panganan ing omah
Natal...
Damai tentrem













Rabu, 04 Desember 2013

Gong

Gong
Ngrasa duweni pancen gampang
Ning laku kang nyata
Mung omongan
Ora kabukten
Mring laku
Wujud jaga tinggalan biyen
Nalika swaraning gong keprungu
Gong...
lagi dha tangi
saka petenge jagad pertiwi
mung wira-wiri
linglung arep nyalahke sing ndi
kang katindakake
mung nesu mring liya
kelingan barange
muspra dicolong liya



Paringana Ngapura

Paringana Ngapura

Bagaskara kelangan cahyane
Godhong mobat-mabit kagawa bayu
Tumetes luh saka langit kelabu
Deres kaya banjir ing segara iku

Nggambarake ati kang lagi lara
Kembang ati ilang kajupuk liya
Katresnan iku kagawa lunga
Nggawe manah iki kuciwa

Duh gusti.....
Paringana pangapura
Yen aku ora kuwawa
Ninggalke katresnan kang ora bisa dipercaya

Semarang, 13.11.2013



Tresnani Aku,

Tresnani Aku,

Nalikane jaman durung edan,
Aku ditresnani kaki nini,
Dirumat kanthi gemati,
Lan uga ati-ati

Nalika jaman wis edan,
Kaki nini padha ra eman
Ninggalke aku sing jere ketinggalan jaman,

Aku.....
Uripku gumantung saka lakumu
Nalika kowe ninggalke aku,
Apa aku mesthi melu wong liya,
Kang  luwih tresna,
Niat arep mbudidaya????


Purbalingga, 16.10.2013

Tuwa

 Tuwa

Apa mung nganti samono pangrasamu
Tanpa welas asih
Tumrap awakku
Wis ora prasetya
Kang nandhang lara
Diuja
Ora digagas dening liya
Mbiyen dipuja
Saiki disiya-siya
Mung pasrah marang Kuwasa
Ngenteni titi wanci
Tumekaning pati
Kang bakal nekani
Mbuh durung mangerti
Apa mangkono pantes mbok lakoni
Gawe laraning ati
Wong kang nresnani
Ngopeni lan ngasihi

Namung ngarep welas asihing Gusti

Sandhal Jepit

Sandhal Jepit

dening :Angela Kristi

Murah
Bentuke
Yo ra bejaji
Nanging?
Apa dadine neg ora ana sandhal jepit?
Pendak dina diidak-idak
Nanging yo ora sambat
Ngidak watu, belek, apa wae
Nanging apa
Sandhal jepit ora wadul
Sandhal jepit tetep setia ngancani dhewe
Meh udan
Meh panas

Sandhal jepit tetep setia