expr:class='"loading" + data:blog.mobileClass'>

Halaman

Rabu, 04 Desember 2013

Geseh

Geseh

“Rin, tak kancani lungguh ing kono. Nanging garapke ulanganku mengko”, kandhane Dira nalika Rinda lungguh ing kursi larikan ngarep dhewekan.
“Rupamu, Dir. Aku wae mbuh-mbuhan bisa nggarap apa ora”, ucape Rinda rada pedhes.
Pocapan kang kaya mangkono iku nguber-uber pikirane Rinda, kenya manis, pirang-pirang dina iki. Ngelingake marang sawijining priya sing ditresnani dening Rinda nalika kuliyah biyen. Rasa iku isih ngrembaka ing sajroning atine. Panggonane durung kageseh dening liyane.
Awit isih kuliyah patang taun kepungkur nganti saiki, pocapan mangkono iku isih ndadekake awakke Rinda wedi, gela, seneng, ora cetha piye bentuke. Wedine lek-lek Dira nesu lan ora gelem kekancan maneh karo awakke. Gela amarga apa kang metu saka lathi ora padha marang apa sing ana ing sajroning ati. Dene seneng amarga dheweke sing diajaki guneman dhisik dening Dira, sing biyasane langka ngajaki omong-omongan. Rinda rumangsa bodho banget, merga lali njaluk ngapura lan pamitan marang Dira sadurunge pindhah ing Surabaya melu simbahe sing urip dhewean, ora ana sing ngancani merga sedulure namung kari Rinda.
Rasa tresnane Rinda marang Dira rung bisa kawujud nganti seprene iki. Rinda durung ngeri kudu tumindak apa ngenani bab kuwi. Rinda iku pancen dudu wong sing bisa blaka suta ngenani isining ati marang wong sing ditresnani. Sanajan jaman semana wis bebas, bisa sakarepe dhewe. Ana sing kandha bebas berekspresi, nanging aku ora bisa ngomong dhisik. Rinda isih duwe rasa isin. Banjur nganti kapan? Miturut pangrasane, Dira uga tresna marang awakke, nanging aku bingung kudu kepiye? Aku wedi yen iku namung pangrasaku dhewe.
Lamunanku ambyar krungu swarane Afgan saka radio ing kamar kost sisih kiwaku.
Jika aku bukan jalanmu
Ku berhenti mengharapkanmu
Jika aku memang tercipta untukmu
Ku kan memilikimu
Jodoh pasti bertemu
Atiku rada lerem krungu lagu iku. aku banjur sadhar menawa kabeh iku wis ana sing ngatur. Ora usah kuwatir, yen jodoh bakalan ketemu besuke.
Telung dina sacandhake
“Rin, Rinda”, ucape Dira kanthi seru rada ndredheg.
Nganti kaping telu Dira nyeluk jenengku, nanging aku sing diceluk blas ora menehi wangsulan. Untunge ana kancaku, Rasti, sing lungguh ing sisihku sinambi ngenteni bis liwat, ngandhani yen ana wong sing nyeluk awakku.
Sabenere aku uga krungu ana sing nyeluk jenengku nganti kaping telu. Nanging ora tak gagas. Dak kira amung rungon-rungonen.
Jenggirat! Awakku krasa anyep. Jantungku kaya-kaya arep copot saka panggonane. 
“Mas Dira”, ucapku lirih.
Deg!Jleg!
“Sapa kae bocah lanang sing dituntun Mas Dira? Apa iya anakke?”, batinku.
Dira banjur mlaku nyedhaki panggonan anggonku nyegat bis sinambi mbopong bocah lanang sing kira-kira lagi wae umur telung taun.
“Rin, piye kabare? Wis suwi ora ketemu”, pitakone Dira.
“Alhamdulillah sae mas. Panjenengan kados pundi?,” wangsulane Rinda marang pitakone Dira.
“Aja basa ngono ta Rin, malah dadine lucu. Oh iya, iki anakku. Satria jenenge”, ucape Dira.
Awakku kang wis anyep, sansaya tambah anyep krungu ucape Dira mangkono. Dadaku seseg. Mripatku pet-petan.
Brukkk!
Aku ambruk. Ragaku krasa mati. Nanging ati lan pikiranku sadhar. Wong sing dak kira sigaraning atiku, jebul wis duwe sisihan, wis duwe anak sisan. Aku pancen ketemu karo Dira. Nanging dudu kahanan kaya mangkono sing dak arep-arep.
Sajake Dira dudu jodhoku. Banjur aku kudu kepiye? Aku ora oleh mikir sing ora-ora. Mikir sing apik-apik wae. Mesthi ana piwulang kang bisa kapethik saka kahanan  iki. Aku kudu kuwat. Aku mesthi kuwat. Kuwat! Kuwat! Kuwat!
Sanalika aku sadhar. Kiwa-tengenku rame wong-wong padha nglumpuk. Jebul aku dituroke ing halte sing awit mau tak lungguhi. Tak delengi sakiwa-tengenku. Ora ana Dira lan Satria, sing ana mung Rasti lan wong-wong kang lagi ana dalan. Dira lan Satria wis lunga mbuh aku ora ngerti. Sajake pancen bener, namung pangrasaku wae sing ngira Mas Dira tresna marang awakku. Rasa tresnaku jebul ora ditimbangi marang slirane. Nanging aku iya ora ngerti kahanan sing sabenere, mbuh pacen namung pangrasaku wae apa rasa tresnane Mas Dira marang aku wis geseh merga lakune wektu. Aku pasrah. Ben wektu kang mbukak kahanan sabenere.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar