expr:class='"loading" + data:blog.mobileClass'>

Halaman

Tampilkan postingan dengan label Materi Basa Jawa Kelas VIII Semester 2. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Materi Basa Jawa Kelas VIII Semester 2. Tampilkan semua postingan

Rabu, 11 Desember 2013

Kerata Basa

Kerata basa

Kérata basa ugi sinebat jarwa dhosok
Kérata ateges asal usul tegesing tembung.
Kerata basa ateges bab negesi suraosing 
tembung awewaton asal utawi mula-bukanipun,
limrahipun kapirid saking wewancahanipun, 
kapendhet sunduk prayoginipun.
Jarwa mengku teges wedharan utawi katrangan,
 déné dhosok mengku pikajeng ndhesek,
nyodohakaken majeng. 
Jarwa dhosok kenging dipuntegesi katrangan menggahing
tembung sarana dipunkinten-kinten 
utawi miturut pikajengipun ingkang nerangaken.
Tuladha:
  • Bapak = bab apa-apa wis pepak (pepak kawruh lan pengalaman).
  • Batur = embat-embataning tutur.
  • Bocah = mangane kaya kebo, pagaweane ora kecacah.
  • Brekat = mak breg diangkat.
  • Cangkir = dianggo nyancang pikir.
  • Cengkir = kencenging pikir.
  • Copet = ngaco karo mepet-mepet.
  • Denawa = ngeden hawa (nguja hawa napsu).
  • Desember= gedhe-gedhene sumber.
  • Garwa = sigaraning nyawa.
  • Gedhang = digeget leh bar madhang.
  • Gethuk = yen digeget karo manthuk-manthuk.
  • Gerang = segere wis arang.
  • Guru = digugu lan ditiru.
  • Gusti = bagusing ati.
  • Kaji = tekade mung siji(ngantebi panembahe marang Gusti Allah).
  • Kathok = diangkat sithok-sithok.
  • Kodhok = teka-teka ndhodhok.
  • Krikil = keri ing sikil.
  • Kuping = kaku njepiping.
  • Kupluk = kaku nyempluk.
  • Kursi = yen diungkurake banjur isi.
  • Ludruk = gulune gela-gelo, sikile gedrag-gedrug.
  • Maling = njupuk amale wong sing ora eling.
  • Mantu = dieman-eman meksa metu.
  • Perawan = yen pepara (lelungan) kudu wayah awan.
  • Saru = kasar tur kleru.
  • Sekuter = sambi sedheku mlaku banter.
  • Sepuh = sabdane ampuh.
  • Simah = isining omah.
  • Sirah = isining rah.
  • Siti = isi bulu bekti.
  • Sopir = yen ngaso mampir (ing warung).
  • Sruwal = saru yen nganti uwal.
  • Tandur = nata karo mundur.
  • Tapa = tatane kaya wong papa.
  • Tarub = ditata dimen murub.
  • Tebu = antebing kalbu.
  • Tepas = titip napas.
  • Tuwa = ngenteni metune nyawa ; untune wia rowa.
  • Wanita = wani mranata.
  • Wedang = dianggo gawe kadang.
  • Weteng = ruwet tur peteng.

Selasa, 10 Desember 2013

Pidhato

Pidhato Nggunakake Teks Kang Cumawis


Pidatho, yaiku andharan kang kababar ing ngarepe wong akeh utawa umum. Pidhato iku nglimput perangan pambuka, wos, lan panutup. 

Ana cara-cara kang kudu digatekake nalika nindakake pidhato, antarane ing ngisor iki:
1. Nggunakake bahasa kang dimangerteni dening pawongan kang ngrungokake
2. Swara kudu los lan mantep
3. Kedal, lagu, lan sikep kudu becik supaya pawongan kang ngrungokake ora bosen
4. Aja kakean maca teks pidhato

Saliyane cara-cara kasebut, sikep kang becik uga kudu digatekake nalika pidhato. Sikep becik kasebut antarane:
1. ngadeg ora lelendhehan papan wicara
2. ngadeg kanthi jejeg
3. awak ora nganeh-anehi
4. semanak
5. ora kerep ngobahake sawijining anggota badan
6. ora nglebokake tangan ing jero saku
7. nggatekake pamirsa utawa wong kang ngrungokake
8. ora ngingeti dhuwur
9. ora gugup
10. ora tumungkul

Kapethik saka:
LKS Wajar Basa Jawa SMP Kelas 8 Semester 2

pawarta

Pawarta

Prastawa kang kadadean ing sekitare kita iku kalebu pawarta. Pawarta yaiku palapuran ngenani kadadean kang mentas bae dumadi utawa sywe kadadean. Pawarta kang becik iku asipat anyar, aktuwal, fakta, wigati, lan narik kawigaten.
1. Faktuwal                         : nyata, genah ana kadadean
2.Aktuwal                           : wektu kang pas
3.Wigati                             : dadi kawigatene wong akeh
4.Narik kawigaten             : bisa njalari pawongan kang maca

Sajroning pawarta ana pokok-pokok isi kang kudu dilapurake, yaiku kanthi mangsuli pitakonan apa, sapa, ing ngendi, kapan, genea utawa kenangapa, lan kepriye, kang sinebut rumus 5W + 1H (what, when, who,where,why, lan how)

1.what (apa), ateges masalah utawa bab kang didadekake pawarta
2.when (kapan), ateges wektu prastawa iku kadadean
3.where (ing ngendi), ateges papan panggonan kadadean prastawa
4.who (sapa), ateges paraga kang nindakake prastawa mau
5.why (kenangapa), ateges sebabe prastawa mau kadadean
6.how (kepriye,pira), ateges proses kadadean prastawa


kapethik saka:
LKS Wajar Basa Jawa SMP kelas 8 semester 2