Tuwa
Apa mung nganti samono pangrasamu
Tanpa welas asih
Tumrap awakku
Wis ora prasetya
Kang nandhang lara
Diuja
Ora digagas dening liya
Mbiyen dipuja
Saiki disiya-siya
Mung pasrah marang Kuwasa
Ngenteni titi wanci
Tumekaning pati
Kang bakal nekani
Mbuh durung mangerti
Apa mangkono pantes mbok lakoni
Gawe laraning ati
Wong kang nresnani
Ngopeni lan ngasihi
Namung ngarep welas asihing Gusti
Tidak ada komentar:
Posting Komentar