expr:class='"loading" + data:blog.mobileClass'>

Halaman

Minggu, 12 Januari 2014

MATERI BASA JAWA KELAS XII SEMESTER 1

A.      Subasita
1.         Pawarta
Pawarta yaiku palaporan ngenani prastawa utawa kedadeyan kang nendheng wae dumadi. Pawarta kang becik iku kudu bisa narik kawigaten, nuwuhake greget lan aweh katrangan marang para sing maca utawa sing padha ngrungokake. Perangan kabar sing kalebu dadi pawarta, yaiku:
o    Kabar manuk, yaiku pawarta sing durung dimangerteni bener lan lupute kedadeyan sing sebenere.
o    Kabar kulawarga, yaiku pawarta sing ana sambung rapete karo kulawarga.
o    Kabar susah utawa bungah, yaiku pawarta sing gawe seneng utawa susahing atine sing miyarsa lan sing mirsani pawarta iku.
o    Kabar nagara, yaiku pawarta sing resmi saka negara.
Menehi tanggapan tumrap pawarta uga ana bab-bab kang perlu digatekake, kayata:
o    Tanggapan dijlentrehake kanthi panjlentreh kang cekak, padet, lan uga digunggun kanthi sistematis.
o    Pasulayan kang bakal ditanggapi kudu cetha.
o    Tembung sing digunakake kudu gampang dimangerteni dening liyane.
o    Tanggapan kudu kinantenan alasan logis, diwenehi fakta lan bukti-bukti sing relevan.
Bobot timbang surasane pawarta ana enem, yaiku:
o    Jeneng, pawarta kang digiyarake nyebut jenenge wong kang penting utawa kawentar, tuladhane tokoh politik, artis, lan tokoh agama.
o    Anyar, pawarta kang prastawane sing lagi wae dumadi, isih dadi undering rerasan ana ing masarakat.
o    Penting, pawarta sing digiyarake ngenani kahanan kang langka kedadeyan, kedadeyan gedhe, ana sambung rapete karo bebrayan akeh.
o    Caket, kedadeyan kang digunakake dadi pawarta yaiku kedadeyan sing cedhak karo kahanan masarakat.
o    Unik, prastawa kang digiyarake gawe gumun masarakat sing mirsani.

2.         Drama
Drama yaiku tiruane kauripane manungsa kang diproyeksikake utawa ditampilake ana ing dhuwur pentas. Drama uga diarani sandiwara. Babagan kang kudu ana ing naskah drama utawa sandiwara, yaiku:
o    Naskah drama kang komplit duwe ancer-ancer kang cetha ngenani: latar, akting, piranti-piranti, kostum, monolog, dialog, tata rias lan tata panggung.
o    Katrangan utawa ancer-ancer tinulis ing saben adegan.
o    Piranti-piranti kang digunakake saben adegan mesthine beda.
o    Tata lampu lan tata musik kang digunakake saben adegan uga mesthi beda.
o    Pamilihing paraga kudu sumbut karo karepe crita.
o    Akting lan swara anggone micara kudu sumbut karo paraga kang dimainake.
o    Sutradara kudu bisa ngatur kabeh babagan kang katulis ing dhuwur.
Unsur-unsur kang kudu ana ing drama, yaiku:
o    Paraga utawa tokoh
Tokoh yaiku pawongan kang duweni peran ana ing sawijining drama. Miturut dalane crita, tokoh dibedakake dadi telu, yaiku:
§  Tokoh protagonis, yaiku tokoh kang nyengkuyung dalane crita.
§  Tokoh antagonis, yaiku tokoh kang nentang dalane crita.
§  Tokoh tritagonis, yaiku tokoh pambiyantu bisa kanggo mbantu tokoh protagonis utawa tokoh antagonis.
o    Pacelathon (Dialog)
Tuntutan kang kudu dicukupi ana ing sajroning pacelathon, yaiku:
§  Pacelathon kudu nyengkuyung gerak lakuning paraga.
§  Pacelathon kudu diucapake kanthi seru lan tertib tinimbang pacelathon kang dilakokake saben dinane.
o    Alur
Alur yaiku gayutane prastawa lan konflik kang dirajut kanthi padudan kang nuju ana ing klimaks lan pambubaraning padudon.
§  Alur maju yaiku nyritakake prastawa-prastawa saka wiwitan nganti bubar.
§  Alur mundur yaiku nyritakake prastawa-prastawa saka bubaran banjur diwalik nyritakake prastawa kang kawiwitan.
§  Alur campuran yaiku campuraning alur maju lan alur mundur.
o    Latar
Latar yaiku katrangan babagan panggonan, ruang, lan wektu ana ing naskah drama.
Jinis-jinising drama, yaiku:
o    Balet, gabungane tari lan musik ana ing pamentasan sawijining lakon.
o    Berutuk, drama topeng kang ana ing Trunyan, Bali.
o    Drama komedi, drama kang diwernani swasana seneng utawa lucu.
o    Drama tragedi, drama kang diwernani swasana sedhih.
o    Drama tragedi-komedi, drama kang nyritakake bab kasenengan lan kasedhihan.
o    Hudog, drama ritual masarakat Dayak.
o    Kethoprak, drama rakyat asal Jawa.
o    Ludruk, drama rakyat saka Jawa Timur.
o    Wayang, seni pertunjukan tradisional, lsp.
Ngapresiasi utawa mbahas pementasan drama kudu gatekake babagan ing ngisor iki:
o    Pambuka
1)        Wenehana isi ringkesan drama
2)        Wenehana himpunan utawa lembaga sing mentasake drama
3)        Panggonan lan wektu drama dipentasake
4)        Panulis drama (manawa dimangerteni)
o    Isi
1)        Kepriye isine drama, gmpang dimangerteni apa ora
2)        Kepriye pacelathon kang dienggo ana ing drama
3)        Apa jinising drama lan karaktere pelaku
4)        Kepriye sesambungane babagan sing siji lan sijine
5)        Apa pesen sing ana ing drama
6)        Kepriye basa kang digunakake
o    Panutup
Sing kudu ditulis ana ing kesimpulan yaiku saran lan simpulan sing bisa dijupuk saka drama sing diapresiasi.

3.         Kabudayan
o    Warna-Warnane Wayang
Wayang manut critane cacah sewelas, yaiku:
1)        Wayang Purwa, yaiku crita wayang sing nyritakake Wayang Kadhewatan nganti tekan Prabu Parikesit. Wayang Purwa kaperang dadi papat, yaiku:;
o  Kedhewatan  : crita wayang sing nyritakake para dewa wiwit Sang Hyang Manikmaya, Sang Hyang Ismaya, Sang Hyang Ismaya, Sang Hyang Tejamaya lan kabeh dewa lan dewi.
o  Arjuna Sasra  : crita wayang sing nyritakake perange Prabu Arjuna Sasra karo Dasamuka, klebu lakon Sumantri lan Sukrasana.
o  Ramayana     : crita wayang kang nyritakake Prabu Rama mungsuh Rahwana jalaran ngrebut Dewi Sinta.
o  Mahabarata   : crita wayang kang nyritakake Kulawarga Barata (Pandhawa lan Kurawa) wiwit cilik nganti perang Bratayudha Jayabinangun.
2)        Wayang Madya, yaiku nyritakake Prabu Yudayana tekan Prabu Jaya Lengkara. Crita wayang iki namung dipentasake ana ing kraton.
3)         Wayang Antara, yaiku nyritakake Sri Gatayu tekan Panji Kudalaleyan.
4)        Wayang Wasana, yaiku nyritakake lakon Damarwulan karo Minakjingga.
5)        Wayang Dupara, yaiku nyritakake lakon Babad Tanah Jawa.
6)        Wayang Golek, yaiku nyritakake lakon Amir Ambyah lan Umarmaya, crita babone saka Babad Menak, layang Menak (Timur Tengah).
7)        Wayang Gedhok, yaiku nyritakake lakon Panji (wayang sing digawe saka kayu).
8)        Wayang Beber, yaiku gambar wayange ana geber sing bisa digulung, caritane bisa mawarni-warni.
9)        Wayang Kidang Kencana, yaiku nyritakake bangsane kewan.
10)    Wayang Wahyu, yaiku nyritakake lakon sing ana sambung rapete karo agama Kristen.
11)    Wayang Suluh, yaiku nyritakake kahanan negara saiki kanggo panerangan program-program pamarintah.
o    Dasanama Sawetara Wayang
1)        Semar = Ismaya = Badranaya = Nayantaka = Sukma Sujati = Sukma Ekalaya
2)        Kresna = Narayana = Padmanaba = Wisnu Murti = Wasnu Dewa Putra = Narasinga
3)        Anoman = Anjani Putra = Kapiwara = Rewandapingul = Wanara Seta = Rama Handaya Pati = Senggana
4)        Puntadewa = Yudhistira = Wijakangka = Gunatali = Darmakusuma = Ajata Satru
5)        Arjuna = Pamade = Danajaya = Janaka = Pamardi = Premadi = Margana = Mintaraga = Kendhittatnala = Jlamprong = Endra Tanaya = Ciptaning = Wijarnaka
6)        Wrekudara = Bima = Jagabilawa = Bratasena = Bayu Putra = Wijasena = Arya Panenggak  
o    Paraga sing Nyengkuyung Pagelaran Wayang
1)        Dhalang, yaiku paraga sing nglakokake lakuning pagelaran.
2)        Sindhen utawa  waranggana, yaiku paraga sing ngrengga iramaning gamelan.
3)        Niyaga utawa pangrawit, yaiku sing nabuh gamelan manut larasing gendhing.
o    Piranti Pagelaran Wayang
1)        Kelir, yaiku nggambarake langit utawa angkasa.
2)        Blencong, yaiku nggambarake srengenge rembulan lan lintang.
3)        Debog, yaiku nggambarake bumi.
4)        Kothak, yaiku nggambarake sangkan paran.
5)        Cempala, yaiku nggambarake sasmitaning urip.
6)        Keprak, yaiku nggambarake ilining banyu utawa getih.
7)        Wayang, yaiku nggambarake manungsa.
8)        Gamelan, yaiku nggambarake mobah osiking kahanan jagad saisine.
9)        Kayon, yaiku nggambarake gunung, alas, geni, segara, prahara, angin, lan sapanunggalane.

4.         Wawan Rembug
Wawan rembug yaiku omong-omongan ing antarane wong siji lan sijine kanthi adhep-adhepan. Sajroning nindakake wawanrembug lumrahe ngasorake dhiri pribadi, kosokbaline ngluhurake wong liya. 
Bakune wawan rembug iku kaajab bisa lumaku kanthi prayoga manawa kabeh padha dene gelem ajen-ngajeni. Ana pitutur sawetara sing sesambungan karo wong sing nindakake wawanrembug iku, yakuwi “Ajining dumunung ana kedaling lathi”, tegese wong iku diajeni lan orane iku awit saka pangucape dhewe. Mula ngati-ati anggone ngucap, ngucapa sing becik, ing satemah agawe senenge atine wong liya.
5.         Ukara Carita
Ukara carita yaiku ukara sing isine nyritakake sawijining bab utawa prastawa marang wong liya.
6.         Sesorah utawa Pidhato
o    Tujuan Sesorah, yaiku:
1)        Menehi informasi utawa katrangan sawijining perkara (penyuluhan kesehatan, lsp).
2)        Menehi hiburan utawa raos panglipur marang pamiyarsa (sabdatama utawa dhagelan).
3)        Menehi palapuran utawa atur palapuran (lapuran ketua OSIS).
4)        Menehi piwulang (da’i, sabdatama, lsp).
5)        Mbujuk utawa ajak-ajak supaya sing ngrungokake, nindakake apa sing dikarepake pamicara (kampanye, lsp).
o    Jinising Sesorah Miturut Kahanan
1)        Kahanan resmi, pamicara maca naskah kang wis dicawisake, supaya ora salah anggone sesorah. Pamicara ora bisa ngandharake sesorah kanti sakarepe dhewe, amarga wektune wis diatur (pidhato kenegaraan, pidhato sambutan ing mantenan).
2)        Kahanan setengah resmi, pamicarane bisa ngandharake pidhato kanthi rada longgar, nanging kahanan rada resmi kudu tetep digatekake.
3)        Kahanan ora resmi, pamicarane bisa ngandharake pidhatone miturut tujuwan utawa selerane pamirenge.
4)        Kahanan liya-liyane,
o    Pamirenge lungguh utawa ngadeg (manawa pamirenge ngadeg, luwih becik pidhatone sedhela wae)
o    Wektune bisa esuk utawa awan
o    Pamicara kudu nduweni daya pangaribawa marang cara ngandharake pidhato.
o    Cara Pidhato, kaperang dadi papat yaiku:
1)        Mawa teks utawa naskah (methode maca)
2)        Ngapalake naskah pidhato
3)        Ekstemporan: ngapalake wose banjur ngrembakakake wicara nalika pidhato (njlentrehake cengkorongan pidhato)
4)        Improptu: pidhato sing ditindakake kanthi spontan (tanpa persiyapan)
Aspek-aspek kang kudu digatekake nalika pidhato, yaiku:
No
Aspek sing Dibiji
Katrangan
1
Lafal
Anggone ngucapake tembung apa wis bener
2
Intonasi
Kepriye intonasi swarane
3
Volume
Seru lirihe swara
4
Antepe tembung
Tembung-tembung sing dienggo wigati lan mantep
5
Solah bawa lan kawanen
Solah bawane sajroning pidhato, nyawang pamiyarsa apa ndhingkluk (komunikatif apa ora)
6
Panjangka
Panjangkane oleh kawigaten saka pamiyarsa apa ora


Tidak ada komentar:

Posting Komentar